TUGAS MATA KULIAH
SINTAKSIS
Oleh :
1.
Dyah Yuanita (13020114037)
2. Fidya Nur Khafidho (13020114044)
3. Ariska Anggraini (13020114049)
PROGRAM STUDI S-1 PEND.BAHASA &
SASTRA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
TAHUN 2014
KATA
PENGANTAR
Puji syukur kehadirat Allah SWT yang sudah
memberikan taufik, hidayah, serta inayahnya sehingga kita semua masih
beraktivitas sebagaimana seperti biasanya, sehingga kami bisa menyelesaikan
tugas pembuatan makalah sintaksis.
Makalah ini menjelaskan mengenai sufiks (akhiran).
Makalah ini disusun supaya para pembaca bisa menambah wawasan serta memperluas
ilmu sintaksis mengenai gatra yang kami sajikan
di dalam sebuah susunan makalah yang ringkas, mudah untuk dibaca serta mudah
untuk dipahami.
Semoga makalah ini bisa bermanfaat untuk para
pembaca serta memperluas wawasan. Dan kami menyadari bahwa dalam pembuatan
makalah ini masih jauh dari sempurna, untuk itu kami mohon maaf atas
kekurangan-kekurangannya.
Surabaya,
Penulis
DAFTAR ISI
KATA
PENGANTAR................................................................................. I
DAFTAR
ISI ............................................................................................. II
GATRA ............................................................................................. 1
1.1
Pangertine Gatra.................................................................. 1
1.2
Mapanane gatra kang
bisa owah gingsir ing sajroning ukara.................................................................................... 1
1.3
Wujude
gatra........................................................................ 2
1.4
Gatra-gatra
bebakune pambanguning ukara........................ 2
JINIS-JINISE
GATRA................................................................................. 3
2.1 Gatra mawa
punjer...................................................................... 3
2.2
Gatra mawa punjer maneka warna.............................................. 3
2.3 Gatra
Sajajar................................................................................ 3
2.4 Gatra
aran sajajar......................................................................... 5
2.5 Gatra
kriya sajajar........................................................................ 5
2.6 Gatra
kaanan sejajar.................................................................... 6
2.7 Gatra
katrangan sajajar................................................................ 6
2.8 Gatra
leliru ( sesulih ).................................................................. 6
2.9 Gatra
mawa punjer awatesan....................................................... 7
2.10 Gatra
aran................................................................................... 7
2.11 Gatra kriya...................................................................................7
2.12 Gatra
Kaanan...............................................................................8
2.13 Gatra
katrangan........................................................................ 8
2.14 Gatra tanpa
punjer..................................................................... 8
PANUTUP ..................................................................................................10
GATRA
1.
Pangertine Gatra
Miturut
Keraf (ing Rusyana lan Samsuri, Ed., 1978:77) ngandharake, gatra iku dhapuring
basa kang kedadean saka rong tembung utawa luih, manawa katiti saka pambangune,
lungguhe padha karo salah sijining tembung kang ora darbe kalungguhan dadi
jejer utawa wasesa ing sajroning pambanguning ukara.
Gatra
iku darbe sipat loro, yaiku (1) gatra mujudake dhapuring basa kang kedadean
saka rong tembung utawa luwih, lan (2) gatra mujudake dhapuring basa kang ora
ngliwati wewatesaning kalungguhan ing ukara gatra utawa ukara.
Sesipate
dhapuring gatra ana telung perkara, yaiku (1) mapanane gatra kang bisa owah
gingsir ing sajroning ukara, (2) wujude gatra, lan (3) gatra-gatra bebakune
pambanguning ukara.
1.
Mapanane gatra kang
bisa owah gingsir ing sajroning ukara
Gatra-gatra ing
sajroning ukara mapane bisa owah gingsir, anggere ora ngowahi surasaning
edharing gagasan ing ukara kang dadi bebakune.
Tuladha :
Vilda wis winisudha
dening rektor Unesa semester kepungkur.
Ukara ing dhuwur
kedadeyan saka 4 gatra, yaiku :
a.
Vilda
b.
Wis winisudha
c.
Dening rektor Unesa
d.
Semester kepungkur
Owah
gingsire mapane gatra-gatra mau, bisa ana ukara-ukara :
a.
Semester kepungkur,
Vilda wis winisudha dening rektor Unesa.
b.
Semester kepungkur,
Vilda dening rektor Unesa wis winisudha.
c.
Semester kepungkur,
wis winisudha dening rektor Unesa Vilda.
d.
Vilda, semester
kepungkur wis winisudha dening rektor Unesa.
e.
Vilda, wis
winisudha semester kepungkur dening rektor Unesa.
Gatra ing sajroning ukara ora njalari
owah-owahing surasa wedharing gagasane, anggere gatra-gatra ora dipecah-pecah,
sebab gatra mujudake praboting titi ukara kang paling ringkes, lan minangka
pambanguning titi ukara.
2.
Wujude gatra
Kapilah dadi loro:
A.
Tembung minangka
gatra
Katiti saka wujude, gatra iku kudune awujud kalumpukaning tembung. Nanging,
katiti saka dhapuring titi ukara, ing kene bisa kedadean manawa salah sijining
praboting titi ukara iku mung kedadean satembung.
Tuladha :
·
Adhik / mangan /
masakanku.
·
Dheweke / nampani /
dhuwitku
·
Ibu / nulungi /
aku.
B.
Kalumpuking tembung
minangka gatra
Tuladha
:
·
Rambute bocah wadon
iku / dhawa banget.
·
Kampusku / ora adoh
/ saka gang 7.
·
Kahanane desaku /
tansah / ayem lan tentrem.
3.
Gatra-gatra
bebakune pambanguning ukara
Tanpa niti cacahing gatra kang ana ing sawijining ukara, sanajan
ukara iku rowa, sejatine bisa kapilah dadi rong gatra bae minangka pambanguning
ukara.
Tuladha :
·
Ibune // wong dodol
sayur.
·
Omahe // telung
tingkat.
·
Guyune // garai
kesengsem
Gatra
1 : diarani lajer, yaiku gatra kang dicritakake
Gatra 2 :
diarani andharan, yaiku gatra kang nyaritakake
Gatra kang dicritakake (lajer) lan gatra kang nyaritakake
(andharan) mujudake gatra bebakune pambanguning ukara. Ing rembug bab
paramasastra Jawa gatra kang dicritakake uga jejer, lan gatra kang nyaritakake
diarani wasesa.
2. Jinis-jinise Gatra
katiti
saka gayute angga pambangune gatra, gatra bisa kapilah dadi :
1.
gatra mawa punjer
2.
gatra tanpa punjer
2.1 Gatra mawa punjer
Gatra mawa punjer, ing ilmu basa diarani frasa
endosentris, yaiku kalumpuking tembung kang sebarane lan kalungguhane padha
karo salah sijining angga pambangune. Kanthi tembung
liya, gatra mau angga- anggane sumebar karo punjere. Katiti saka pambangune,
gatra mawa punjer kapilah dadi loro yaiku :
a.
Gatra mawa punjer maneka warna
b.
Gatra mawa punjer awatesan
2.2 Gatra mawa punjer
maneka warna
Gatra mawa punjer maneka warna yaiku gatra mawa
punjer kang punjere luwih saka siji. Katiti angga- angga pambangune, gatra mawa
punjer maneka warna bisa kapilah dadi loro :
1.
Gatra sajajar
2.
Gatra leliru
2.3 Gatra Sajajar
Gatra sajajar, ing ilmu basa diarani frasa koordinatif,
yaiku gatra kang angga- anggane darbe kalungguhan sejajar, nanging ngandharake
pangerti kang maneka warna utawa beda- beda.
Wujude
lan polane gatra sajajar bisa katiti :
1.
Dhapur pilihan utawa
misahake
2. Gatra
sajajar kanthi dhapur pilihan utawa misahake, yaiku ing antarane angga-anggane
nuduhake pilihan utawa misahake. Tembung panggadheng kang dianggo yaiku utawa,
uga tembung panerange kaanan apa.
Tuladha:
a.
Kula napa Manon? (Jaya Baya, No. 28 Minggu II Maret 2014)
b.
Aja malah dibuwang utawa dilepeh. (Jaya Baya, No. 28 Minggu II Maret 2014)
c.
Sak ukara utawa rong ukara. (Jaya Baya, No. 28 Minggu II Maret 2014)
2.
Dhapur nuwuhi
Gatra sajajar kanthi dhapur nuwuhi, yaiku antarane
angga- anggane nuduhake supaya luwih terange utawa mbangetake. Tembung
panggandheng kang bisa dianggo, umpamane tur, lan, sarta, karo, banjur,
nuli/tumuli.
Tuladha
:
a. luwih
lemu lan dhuwur (Jaya Baya No. 7 Minggu
II Oktober 2013)
b. tentrem
lan ayem (Jaya Baya No. 7 Minggu II
Oktober 2013)
c. tuwuh
lan mekar (Jaya Baya No. 7 Minggu II
Oktober 2013)
3.
Dhapur gabungan
Gatra sajajar dhapur gabungan, yaiku ing antarane
angga anggane nuduhake nggabungake.
Tembung
panggandheng kang bisa dianggo, umpamane lan, saha, sarta, dalah.
Tuladha
:
a.
Ibu, bapak, mas lan adhikku (Jaya Baya No. 28 Minggu II Maret 2014)
b.
Jeneng-jenenge uga maneka warna kayata, Wasis Basa, buku Basa Jawa Tataran
Anyar, Kridha Basa, Pinter Basa, memetri Basa, Widya Basa lan Trampil Basa.
(Jaya Baya No. 28 Minggu II Maret 2014)
c.
Malah ana buku amung wujud gegambaran tur full color. (Jaya Baya No. 28 Minggu
II Maret 2014)
d.
omah lan kantor (Jaya Baya No. 7 Minggu
II Oktober 2013)
e.
topeng lan kostum (Jaya Baya No. 7
Minggu II Oktober 2013)
Katiti
saka jinise gatra sajajar kapilah dadi :
a.
Gatra aran sajajar
b.
Gatra kriya sajajar
c.
Gatra kaanan sajajar
d.
Gatra katrangan sajajar
2.4 Gatra aran sajajar
Yaiku kalumpukaning tembung loro utawa luwih
minangka gatra kang angga- angga pambangune kalebu jinise tembung utawa gatra
aran.
Tuladha
:
a.
Barang-barang ing dhuwur meja lan lemari wutuh. (Jaya Baya No. 28 Minggu II
Maret 2014)
b.
Kewan reptil lan Amfibi. (Jaya Baya No. 28 Minggu II Maret 2014)
c.
Ana sing rupane kuning, ungu, lan ijo. (Jaya Baya No. 28 Minggu II Maret 2014)
2.5 Gatra kriya sajajar
yaiku kalumpukaning tembung loro utawa luwih
minangka gatra kang angga- angga pambangune kalebu jinise tembunng utawa gatra
kaanan.
Tuladha
:
a.
Cara liyane bisa gawe jus anggur digiling saisine lan kulite, banjur di ombe.
(Jaya Baya No. 28 Minggu II Maret 2014)
b.
Mulane cepet-cepet aku njangkah karo mencolot. (Jaya Baya No. 28 Minggu II
Maret 2014)
c.
Nyetir karo mikir, sepedhahku ngglewar. (Jaya Baya No. 28 Minggu II Maret 2014)
2.6 Gatra kaanan sejajar
yaiku kalumpukaning tembung loro utawa luwih
minangka gatra kang angga- angga pambangune kalebu jinise tembung utawa gatra
kaanan.
Tuladha
:
a.
Ati cuwa bablas anjlog keseret ati sing kebak pangajab lan jubriya sadurunge.
(Jaya Baya No. 28 Minggu II Maret 2014)
b.
Nadyan aku bocah weton saiki, nanging yen meruhi buku-buku jaman biyen rasane
seneng lan kesengsem. (Jaya Baya No. 28 Minggu II Maret 2014)
2.7 Gatra katrangan
sajajar
Yaiku kalumpukaning tembung loro utawa luwih
minangka gatra kang angga- angga pambangune kalebu jinise tembung utawa gatra
katrangan.
Tuladha
:
a. Kulina
urip kepenak lan apa-apa sarwa ana mung kari aba. (Jaya Baya No. 7 Minggu II
Oktober 2013)
b. Jaman
biyen lan saiki buku pelajaran Basa Jawa kang diwulangke ing sekolahan bedane
akeh. (Jaya Baya No. 28 Minggu II Maret
2014)
2.8 Gatra leliru ( sesulih
)
yaiku gatra kang punjer- punjere ngandharake pangerti
kang padha, kalumpuking punjer kekarone iku ora mawa panggandheng. Gatra
leliru umume ana ing tatarane gatra aran.
Tuladha
:
a.
Iku mas Hamdan, putrane Pak Kades, mantri ing desa. (Jaya Baya No. 28 Minggu II
Maret 2014)
2.9 Gatra mawa punjer
awatesan
yaiku gatra kang punjere mung siji kang punjere mung
siji kang watesane bisa mapan ing sangarepe utawa sawise punjere. Ing kene,
punjere apa dene watesane bisa kadadeyan saka salah sijine jinising tembung,
kaya ta tembung aran, kriya, kaanan, utawa tembung katrangan.
Katiti
saka punjere, bisa kapilah :
1.
gatra aran
2.
gatra kriya
3.
gatra kaanan
4.
gatra katrangan
2.10 Gatra aran
yaiku
gatra mawa punjer awatesan kang punjere mujudake tembung aran
Tuladha:
a.
Aja ngono wong ayu. (Jaya Baya No. 7 Minggu II Oktober 2013)
b.
Dheweke tekan rumah makan. (Jaya Baya No. 7 Minggu II Oktober 2013)
c.
Wong wadon kuwi ora aweh respon babar pisan. (Jaya Baya No. 7 Minggu II Oktober
2013)
2.11 Gatra Kriya
Yaiku
gatra mawa pujer awatesan kang punjere mujudake tembung kriya.
Tuladha
:
a.
Dheweke lagi blanja. (Jaya Baya No. 7 Minggu II Oktober 2013)
b.
Aku ora ngerti arep menyang ngendi tujuanku. (Jaya Baya No. 7 Minggu II Oktober
2013)
2.12 Gatra Kaanan
yaiku
gatra mawa pujer awatesan kang punjere mujudake tembung kaanan.
Tuladha
:
a. Atiku
seneng banget. (Jaya Baya No. 7 Minggu II Oktober 2013)
b. Pawongan
kasebut mirip banget aku. (Jaya Baya No. 7 Minggu II Oktober 2013)
c. Pak
Ganjar remen sanget bilih Mbak Erita saged medal saking griya mriku. (Jaya Baya
No. 7 Minggu II Oktober 2013)
d. Soe
Hok Gie lagi ngrasa rasa sepi kang gedhe banget ing njero atine. (Jaya Baya No.
7 Minggu II Oktober 2013)
2.13 Gatra Katrangan
yaiku
gatra mawa pujer awatesn kang punjere mujudake tembung katrangan.
Tuladha
:
a. Ora
watara suwe katon wewayangane sawijining Kenya kang ora bias dak lalekake.
(Jaya Baya No. 7 Minggu II Oktober 2013)
b.
Sujune dina sabtu napag
rewele anakku. (Jaya Baya No. 7 Minggu II Oktober 2013)
2.14 Gatra Tanpa Punjer
Gatra tanpa punjer yaiku kalumpuking tembung kang sebarane
nggenahake ing antarane angga-angga pambangune. Amarga angga-anggane sebarane
ora sajajar, mula gatra iki bisa diarani tanpa punjer. Kanthi tembung liya,
gatra tanpa punjer iku gatra kang ora darbe sebaran kang padha, ing kene
angga-anggane kedadeyan saka rong perangan, yaiku panggandheng kang arupa
tembung ancer-ancer utawa pratikel, lan sumbu kang arupa tembung utawa
kalumpuking tembung. Katiti saka jinise panggandhenge, gatra tanpa punjer bias kapilah
dadi loro, yaiku :
1.
Gatra mawa ancer-ancer
Yaiku gatra kang nggunakake panggandheng arupa tembung
ancer-ancer. Gatra iki sebarane nggenahake ing angga-anggane, bisa uga ing
panggandhenge utawa ing sumbune
Tuladha : sasampunipun dados pres-presan lajeng kalebetaken ing panggarangan (JB No.3 september 2014)
Tuladha : sasampunipun dados pres-presan lajeng kalebetaken ing panggarangan (JB No.3 september 2014)
2.
Gatra mawa lataran
Yaiku gatra kang nggunakake saliyane panggandheng tembung
ancer-ancer
Tuladha :mujudaken run-tumurun ingkang dipun angge mligi ing upacara (JB No. 03 kaca 11 minggu 3 September 2014)
Tuladha :mujudaken run-tumurun ingkang dipun angge mligi ing upacara (JB No. 03 kaca 11 minggu 3 September 2014)
PANUTUP
Gatra iku dhapuring basa kang kedadean saka rong tembung
utawa luih, manawa katiti saka pambangune, lungguhe padha karo salah sijining
tembung kang ora darbe kalungguhan dadi jejer utawa wasesa ing sajroning
pambanguning ukara. Gatra-gatra ing sajroning ukara mapane bisa owah gingsir,
anggere ora ngowahi surasaning edharing gagasan ing ukara kang dadi bebakune.
Tanpa niti cacahing gatra kang ana ing sawijining ukara,
sanajan ukara iku rowa, sejatine bisa kapilah dadi rog gatra bae minangka
pambanguning ukara. Gatra kang dicritakake (lajer) lan gatra kang nyaritakake
(andharan) mujudake gatra bebakune pambanguning ukara. Ing rembug bab
paramasastra Jawa gatra kang dicritakake uga jejer, lan gatra kang nyaritakake
diarani wasesa.
Gatra tanpa punjer yaiku kalumpuking tembung kang sebarane
nggenahake ing antarane angga-angga pambangune. Amarga angga-anggane sebarane
ora sajajar, mula gatra iki bisa diarani tanpa punjer. Kanthi tembung liya,
gatra tanpa punjer iku gatra kang ora darbe sebaran kang padha, ing kene
angga-anggane kedadeyan saka rong perangan, yaiku panggandheng kang arupa
tembung ancer-ancer utawa pratikel, lan sumbu kang arupa tembung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar