Selasa, 24 Maret 2015

morfologi : panambang -an jroning tembung

MORFOLOGI
PANAMBANG –an JRONING TEMBUNG

Oleh :
DEVI NUR RATNA EKO PUTRO
13020114045
2013 B

PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA

Kata Pengantar
Puji syukur saking Allah SWT. Saking ridhanipun makalah ngengingi panambang –an jroning tembung menika saged dipun mantunaken. Makalah menika dipun susun guna memenuhi tugas mata kuliyah morfologi II.
Sarehning taksih kathah ingkang mbetahaken, makalah punika dipunsusun. Wondene kalepatan ingkang wonten, utamanipun kalepatan ingkang magepokan kaliyan panyeratan, ugi sampun kula leresaken sasampunipun kathinthingi sawetawis. Sinaosa mekaten, bok bilih taksih wonten panyaruwe lan pamrayogi murih makalah punika langkung sampurna.
Atur panuwun dhateng para kadang ingkang tansah panyengkuyung murih makalah punika sae lan langkung angrembaka sarta saged kababar malih.

Panyusun,











Daftar Isi

Kata Pengantar................................................................................................................... i
Daftar Isi............................................................................................................................ ii
BAB I Pendahuluan.......................................................................................................... 1
Latar Belakang................................................................................................................. 1
Rumusan masalah............................................................................................................ 2
Tujuan............................................................................................................................... 2
BAB II Isi.......................................................................................................................... 3
BAB III Penutup............................................................................................................... 8
Daftar Pustaka................................................................................................................... 9














BAB I
PENDAHULUAN
1.1 LATAR BELAKANG
Basa nduweni makna kang penting marang pandhapuking manungsa. Basa uga digunakake kanggo sekabehe pakaryan manungsa kayata paneliten, panyuluwan, pawartan uga bisa nuwuhake pamikiran, pasawangan sarta perasan.
      Ngomongake bab basa utamane basa jawa bakal kawitan karo bab-bab kailmuwane kayata widya tembung utawa titi tembung. Ana linguistik umum widya tembung uga kasebut morfologi. Widya ateges ‘ilmu’ lan tembung tegese ‘kata’. Tembung iku rerangkening swara kang kawedhar saka jroning tutuk kang ngemu teges kang kasumurupan surasane. Saben rerangken swara kang metu saka jroning tutuk tur ngemu teges kuwi diarani tembung. Widya tembung utawa tata tembung iku kalebu sempalaning paramasastra kang ngrembug lan nyinau bab tembung, dumadine tembung, lan owahe sawijining tembung dadi tembung liya karana kawuwuhan imbuhan (pengimbuhan / afiksasi), karangkep (pengulangan / reduplikasi), utawa kacambor (pemajemukan / kompositum).
      Tembung ing basa Jawa dibedakake adhedasar wujud lan jenise. Wujude tembung yaiku tembung lingga, tembung andhahan, tembung rangkep, tembung camboran. Jenising tembung ana sepuluh, yaiku tembung aran, kriya, sifat, katrangan, sesulih, wilangan, panggandheng, ancer-ancer, panyilah, penyeru.
      Ananing tembung ora bakal uwal saka wuwuhane sing bisa ndadekake tembung kuwi laras karo fungsine, kayata tembung andhahan kang ing basa Indonesia sinebut kata jadian yaiku tembung sing wis owah saka linggane amerga kawuwuhi imbuhan, karangkep, utawa kagabung. Tembung-tembung yen diwuwuhi sufiks utawa panambang misale bakal ditemokake pambedhaan ing teges lan owah saka linggane.
Tuladha : saka cerita cekak majalah Jayabaya 09 minggu 1 Nopember 2014
“dheweke uga rumangsa kadosan marang priya kang ditresnani iku”
        J                      W                             G                         K
Bentuk : Ka- + dosa +-an → kadosan (tembung kadosan kedadeyan saka prefiks Ka- ditambah lingga dosa lan entuk wuwuhan sufiks -an) Prefiks Ka- + tembung lingga + sufiks –N
Fungsi : derivasi. Amerga tembung dosa iku kalebu tembung kaanan. Entuk wuwuhan panambang –an owah dadi tembung kriya.
makna : nggawe dosa utawa berbuat dosa sarta rumangsa dosa.
Tuladha ing dhuwur dadi bukti yen ananing wuwuhan ing jroning tembung bakal ngowahi bentuk lan makna tembung kasebut. Yen bisa diweruhi bentuk lan makna tembung sing wis kena wuwuhi, pastine resiko kaluputan ing tulisan utawa penggunaan basa Jawa bakal bisa dikurangi. Bab iki sing dadi panyengkuyung gawe milih analisis kontrastif tembung dadi tema makalah, kanthi topik analisis tembung kang ngemu panambang –an. Objek kasebut patut dadi tema makalah amerga saweruhe panyusun akeh pambelajar basa Jawa sing durung cetha ngenani panambang jroning ukara, utamane panambang –an. Muga kasil saka makalah iki bisa mbiyantu gampangake pambelajar basa Jawa supaya luwih cetha ngenani panambang jroning tembung utamane yen ditinjau saka bab morfologine.

1.2   RUMUSAN MASALAH
1.      Kepriye wujud, fungsi lan maknane tembung sawise kawuwuhan panambang –an ?

1.3  TUJUAN
1.      Supaya mangerteni wujud, fungsi lan maknane tembung sawise kawuwuhan panambang –an.



BAB II
PEMBAHASAN
Owah – owahaning vokal [ı] (miring) dadi vokal [i] (jejeg)
Panambang  -an bisa sumambung ing tembung kang wekasane awujud konsonan utawa vokal. Yen ana tembung lingga awasana konsonan lan sadurunge konsonan mau ana swara [ı] utawa miring, bareng diwuwuhi panambang –an, swara [ı] ing tembung mau owah dadi swara [i].
Priya iku bajingan
      j              w
bentuk : Bajing [bajıŋ] + -an → bajingan [bajiŋan]. Saka linggane bajing pikantuk wuwuhan panambang –an owah dadi bajingan. Amerga pungkasane tembung awujud konsonan, panambang ­–an ­ora ngalami owahan.
Fungsi :  Derivasi. Amerga tembung linggane bajing awujud tembung aran lan pikantuk wuwuhan panambang –an owah dadi tembung kaanan.
Makna : tembung bajing nduweni teges kewan sing arane bajing. Yen diwuwuhi panambang –an ngemu teges kelakuwan sing kaya kewan Bajing.

Owah – owahaning vokal [ʊ] (miring) dadi [u] (jejeg)
Ana uga tembung lingga kang wekasane awujud konsonan utawa wanda sigeg lan sadurunge konsonan mau ana swara [ʊ], bareng tembung iku kawuwuhi panambang –an, swara [ʊ] ing tembung mau malih dadi [u].
Angin saka tengahing samodra nggawa gulung-gulungan ombak
J                   ket                        w                        l
bentuk : Gulung [gulʊŋ] + -an → gulungan [guluŋan] tembung gulungan saka linggane gulung pikantuk wuwuhan panambang –an owah bentuke dadi gulungan.
fungsi : Derivasi. Amerga tembung gulung  kalebu tembung kaanan, lan sawise kawuwuhan panambang –an  dadi gulung – gulungan kalebu tembung aran.
Makna : tembung gulung nduweni teges lekuk bunder lan sawise kawuwuhan panambang ­–an ­dadi ngemu teges kumpulan lekuk bunder.
Ajeng isih durung bisa wangsulan
    J                 w                   g
Bentuk : Wangsul  [waŋsʊl] + -an → wangsulan [waŋsulan] tembung wangsulan kedadeyan saka tembung wangsul lan pikantuk wuwuhan panambang –an dadi wangsulan.
Fungsi : Derivasi. Saka asale wangsul kalebu tembung kriya lan sawise diwuwuhi panambang –an owah dadi tembung aran.
Makna : tembung wangsul nduweni teges jawab. Nanging sawise diwuwuhi panambang –an owah dadi ngemu teges jawaban.
Ajeng sing duwe kaluputan gedhe marang kakung
    j            w                   l                        g
Bentuk : Ka- + Luput [lupʊt] + -an → kaluputan [kaluputan] tembung kaluputan dumadi saka linggane luput kawuwuhan prefiks ka- lan sufiks –an dadine kaluputan.
Fungsi : infleksi. Amerga tembung luput kalebu tembung kaanan lan kawuwuhan panambang ­–an lan ater-ater ka- tetep kalebu tembung kaanan.       
Makna : tembung luput nduweni teges salah lan diwuwuhi panambang ­–an lan ater – ater ka- dadi kesalahan.
Panambang  -an  yen kasambung ing tembung kang wekasane awujud vokal mesthi ngalami owah-owahan utawa ngalami persandiyan, yaiku kaya kang katon ing ngisor iki.
...u       +         -an       →        on   [ↄn]
...i        +         -an       →        en   [ɛn]
...e       +         -an       →        en   [ɛn]
...a       +         -an       →        an   [an]
yen sapatemon  wengi iki  sing mbarengi  mbulan
                        j                 ket.                        w                l
bentuk : Sapa- + temu [tɛmu] + -an → sapatemuan [sapatɛmuwan] → sapatemon [sapatɛmↄn] tembung sapatemon saka prefiks sapa- wuwuh linggane lan panambang –an dadine sapatemuan lan disederhanakake dadi sapatemon amerga dobel vokal.
fungsi : infleksi. Amerga tembung temu kalebu tembung kriya lan tembung sapatemon kalebu tembung kriya.
Makna : tembung temu nduweni teges tepung lan sawise diwuwuhi panambang –an lan ater – ater sapa- nduweni teges tetepungan.
            Senajan suwe dienteni  sore iku  kelakon
                           w                  ket         g
bentuk : Ke- + laku [laku] + -an → kelakuan [kɛlakuwan] → kelakon [kɛlakↄn] tembung kelakon saka prefiks ke- wuwuh linggane lan panambang –an dadine kelakuan lan disederhanakake dadi kelakon amerga dobel vokal.
Fungsi : derivasi. Amerga tembung laku kalebu tembung kriya lan sawise kawuwuhan ater – ater lan panambang owah dadi tembung kaanan.
Makna : tembung laku nduweni teges tumindak lan kelakon nduweni teges kedadeyan.
Basuki  Wangsulane  guyon
                 j               w                        g
bentuk : Guyu [guyu]  + -an → guyuan [guyuwan] → guyon  [guyↄn] tembung guyon saka linggane kawuwuhan panambang –an dadine guyuan lan disederhanakake dadi guyon amerga dobel vokal.
fungsi : derivasi. Amerga tembung guyu kalebu tembung kaanan lan kawuwuhan panambang an dadi guyon kalebu tembung kriya.
Makna : tembung guyu nduweni teges mesem lan tembung guyon nduweni teges dolanan.
Owah – owahaning vokal [e]
Tembung lingga kang awasana vokal [e] lan dipanambangi  -an, kadhang kala ana owah-owahan kaya kasebut ing dhuwur, nanging kadhang kala mung sumambung ngono bae tanpa ngalami owah-owahan kaya kang katon ing ngisor iki.
Ing ngarep penyidik kepolisian kono
     Ket.            j                  w
Bentuk : Ke- + polisi [polisi]  + -an → kepolisian. Tembung polisi diwuwuhi prefiks ke- lan panambang –an dadine kepolisian.
Fungsi : infleksi. Amerga tembung polisi kalebu tembung aran lan kepolisian isih kalebu tembung aran
Makna : tembung polisi nduweni teges profesi polisi lan diwuwuhi panambang –an dan ater – ater ke- dadi ngemu teges kantor polisi.
Panambang  -an yen sumambung ing tembung lingga bisa ndhapuk tembung iku dadi tembung aran, tembung kriya utawa tembung kaanan.
a.       Yen linggane awujud Tembung kriya, nduweni teges :
 Pakaryan kang kasebut ing linggane dilakoni mung gawe seneng- Basuki  Wangsulane  guyon
                   j              w                g
bentuk : Guyu [guyu]  + -an → guyuan [guyuwan] → guyon  [guyↄn] tembung guyon saka linggane kawuwuhan panambang –an dadine guyuan lan disederhanakake dadi guyon amerga dobel vokal.
fungsi : derivasi. Amerga tembung guyu kalebu tembung kaanan lan kawuwuhan panambang an dadi guyon kalebu tembung kriya.
Makna : tembung guyu nduweni teges mesem lan tembung guyon nduweni teges dolanan.
1. Sesuai sing dikenal apa kang kasebut ing linggane.
Tuladha :
Ora usah tepungan, Ajeng wis tepung
                Ket.          w                         j            w
Bentuk : Tepung [tepʊŋ] + -an → tepungan [tepuŋan] lingga tepung yen diwuwuhi panambang –an owah bentuke dadi tepungan.
Fungsi : Derivasi. Amerga tembung tepung kalebu tembung kaanan lan sawise diwuwuhi panambang –an dadi tepungan kalebu tembung kiya.
makna : tembung tepung ngemu teges temu lan sawise diwuwuhi panambang –an dadi tepungan ngemu teges ketemuwan.
Aku bablas nyang Malang golek penggaweyan
  j       w            ket.              w              g
Bentuk : pe- + gawe [gawɛ] + -an → penggaweyan [pɛŋgawɛyan] tembung penggaweyan asalae saka linggane gawe diwuwuhi ater-ater pe- lan panambang ­–an.yen sufiks pe- ketemu konsonan g kudu diwuwuhi –ng- lan ing pungkasane tembung dobel vokal kudu ditambahi konsonan.
Fungsi : Derivasi. Amerga tembung gawe kalebu tembung kaanan lan tembung penggaweyan kalebu tembung kriya.
Makna : tembung gawe nduweni teges buat lan sawise diwuwuhi panambang dadi penggaweyan ngemu teges pakaryan sing lagi dilakokake.
Supaya syah anggone hubungan intim antarane priya wanita
                  Ket.              j               w          g                 ket
Bentuk : Hubung [hubuŋ] + -an → hubungan [bubuŋan] tembung hubungan dumadi saka linggane hubung sing diwuwuhi panambang ­–an.
Fungsi : infleksi. Amerga tembung hubung kalebu tembung kaanan lan tembung hubungan kalebu tembung kaanan. Tegese : hubung    ; nyambung
      Makna : tembng hubung ngemu teges sambung lan tembung hubungan nduweni teges sambungan sing lagi dilakoni.
Yen linggane awujud tembung kaanan, berarti nduweni teges kaya linggane.
Tuladha :
Katresnan kang kasulam endah dening benang emas
      J                       w         ket.                 g
Bentuk : Ka- + tresna [trɛsna] + -an → katresnan [katrɛsnan] tembung katresnan dumadi saka linggane tresna sing kawuwuhan ater-ater ka- lan panambang –an.
Fungsi : infleksi. Amerga tembung tresna kalebu tembung kaanan lan sawise diwuwuhi panambang lan ater-ater tetep dadi tembung kaanan.
Makna : tembung tresna ngemu teges cinta utawa seneng lan sawise diwuwuhi panambang lan ater-ater dadi ngemu teges kesenengan.
Wong tuwaku sing tegel medhot katresnan kita merga kapusan
         J                         w                       g                      ket.
Bentuk : Ka- + apus [apus] + -an → kapusan [kapusan] dumadi saka linggane apus lan kawuwuhan sufiks ka- lan panambang –an dadi kapusan.
Fungsi : infleksi. Amerga tembung apus kalebu tembung kaanan lan sawise diwuwuhi panambang lan ater-ater tetep dadi tembung kaanan.
Makna : tembung apus ngemu teges bohong lan sawise diwuwuhi panambang lan ater-ater dadi ngemu teges kana apusi utawa kena tipu.
Tekan kono Ajeng unjal ambegan landhung
Ket.          j                 w                g
Bentuk : Teka [tɛka] + -an → tekan [tɛkan] saka linggane teka lan diwuwuhi panambang –an dadine tekan amerga dobel vokal.
Fungsi : infleksi. Amerga tembung teka kalebu tembung kriya lan sawise diwuwuhi panambang tetep dadi tembung kriya.
Makna : tembung teka ngemu teges datang lan sawise diwuwuhi panambang lan ater-ater dadi ngemu teges wis teka utawa sudah datang.
a.       Yen linggane awujud tembung aran, nduweni teges :
1.      Nggawe apa kang kasebut ing linggane.
Tuladha : Priya iku bajingan
                                   j              w
bentuk : Bajing [bajıŋ] + -an → bajingan [bajiŋan]. Saka linggane bajing pikantuk wuwuhan panambang –an owah dadi bajingan. Amerga pungkasane tembung awujud konsonan, panambang ­–an ­ora ngalami owahan.
Fungsi :  Derivasi. Amerga tembung linggane bajing awujud tembung aran lan pikantuk wuwuhan panambang –an owah dadi tembung kaanan.
Makna : tembung bajing nduweni teges kewan sing arane bajing. Yen diwuwuhi panambang –an ngemu teges kelakuwan sing kaya kewan Bajing.
2.      Sesuai karo sing ditunjukake peringatan sambungan karo sing kasebut ing linggane.
Tuladha :
panjenengan Mas Basuki bapake Rara?
            J                ket.          w        g
Bentuk : Pa- + jeneng [jɛnɛŋ] + -an → panjenengan [panjɛnɛŋan] tembung panjenengan dumadi saka linggane jeneng lan pikantuk wuwuhan sufiks pa- lan panambang –an. amerga diwiwiti konsonan j dadi diseseli konsonan n.
Fungsi : infleksi. Amerga tembung jeneng kalebu tembung aran lan sawise diwuwuhi panambang –an lan sufiks pa- dadi panjenengan tetep kalebu tembung aran.
Makna : tembung panjenengan nduweni teges sampeyan - nanging luwih luhur lan tembung jeneng nduweni teges nami utawa asma.
b.      Yen linggane awujud tembung wilangan, nduweni teges :
1.      Akeh :
ewu [ɛwu] + -an → ewon [ɛwↄn]
Bentuk : saka linggane ewu diwuwuhi panambang –an dadi ewuan lan amerga ora oleh dobel vokal dadine ewon.
Fungsi : infleksi. Amerga tembung ewu kalebu tembung wilangan lan tembung ewon isih kalebu tembung wilangan.
Makna : tembung ewu ngemu teges ribu lan sawise diwuwuhi panambang –an ewon ngemu teges ribuwan.
2.      Satuwan :
kilo [kilↄ] + -an → kilon [kilↄn]
Bentuk : saka linggane kilo diwuwuhi panambang –an dadi kilowan lan amerga ora oleh dobel vokal dadine kilon.
Fungsi : infleksi. Amerga tembung kilo kalebu tembung wilangan lan tembung kilon isih kalebu tembung wilangan.
Makna : tembung kilo ngemu teges ukuran abot lan sawise diwuwuhi panambang –an kilon ngemu teges barang sing abote kilowan.








BAB III
PANUTUP
Panambang –an bisa sumambung ing tembung kang wekasane awujud vokal utawa konsonan, utawa mung nduweni siji alomorf yaiku –an. Yen ana tembung lingga awasana konsonan lan sadurunge konsonan mau ana swara [ı], diwuwuhi panambang –an, swara [ı] owah dadi swara [i]. Tembung lingga kang wekasane konsonan lan sadurunge konsonan mau swara [ʊ], kawuwuhi panambang –an, swara [ʊ] malih dadi [u]. Tembung lingga kang awasana vokal [e] lan dipanambangi  -an, kadhang kala ana owah-owahan, nanging kadhang kala mung sumambung ngono bae tanpa ngalami owah-owahan. Panambang  -an yen sumambung ing tembung lingga bisa ndhapuk tembung iku dadi tembung aran, tembung kriya utawa tembung kaanan.












DAFTAR PUSTAKA
2014  jayabaya 09. Surabaya: minggu 1. Nopember 2014
2011 Parama Sastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Parama Lingua

Materi morfologi II semester 3 saka dosen pengampu Prof.Dr.Murdiyanto,M.pd

Tidak ada komentar:

Posting Komentar