ANALOGI INDHUKTIF SAJRONE WACANA
ARGUMENTATIF
Devi
Nur Ratna EP
13020114045
2013-B
A. Purwaka
Analogi
ing panguripan digunakake kanggo nemtokake kaputusan, kanggo dhasare pamikiran,
sarta nandhingake kadadeyan-kadadeyan sing ana ing alam. Analogi bisa uga kanggo
dhasar ilmu liyane, kayata psikologi kognitif, lan dhasar logika. Analogi
dumadi minangka punjer saka intelegensi manungsa, amerga kawasisan-kawasisane
manungsa saka aspek intelektualitas sejatine kalebu nalar analogis. Kaputusan-kaputusan
bisa didudut lan ditemtokake nggunakake analogi. Analogi lumrahe dumadi ing
sawijine argumen sajrone cecaturan. Analogi digunakake supaya bisa ngarahake
menyang ngendi ancase cecaturan lumantar tandhingan-tandhingan ing fakta-fakta
sing diandharake. Analogi ora mung kanggo negesake sawijine arumen, nanging uga
dhasar saka pamikiran sing bisa nampik salahe panegesan sawijine ilmu, amerga
analogi iku kalebu penalaran sing paling mangaribawani lan umum saka sekabehe
proses rasional.
Bab
analogi indhuktif sajrone wacana kaya wacana argumentatif iki diandharake
kanthi cara dhewe-dhewe. Buku-buku sing ngandharake bab iki yaiku lumantar buku Logika dhewe, psikologi kognitif dhewe. Ora
disambungake karo ilmu liyane kaya semantik. Amerga analogi indhuktif pancen
raket banget karo elmu psikologi kognitif, saliyane iku, uga raket banget karo
ilmu logika matematika. Makalah iki ngandharake analogi indhuktif sajrone
wacana argumentatif kanthi nitiki teges logis lan orane sing kalebu ing analogi
iku. Sejatine bab analogi indhuktif kerep diteliti sajrone elmu liyane, yaiku
elmu psikologi sing nengenake intelegensi utawa kognitif. Kayata dening Purnomo
(2007) Universitas Sebelas Maret Surakarta bab “Analisis Penalaran pada
Karangan Siswa Kelas VIII Negeri 2 Tangen Kabupaten Sragen,” ngandharake yen.
Makalah iki njupuk dhata saka majalah Jaya Baya wiwit taun 2014-2016 ing rubrik
sing kalebu wacana argumentatif kaya dene rubrik Ature Redaksi, Kembang Lambe,
Gambang Suling, Obrolan Cablaka lan Pustaka.
Analogi
indhuktif sajrone wacana argumentatif bakal diandharake kanthi cara kontekstual
kanthi medharake teges analogi indhuktif sajrone wacana argumentatif lan perangan analogi indhuktif sajrone wacana
argumentatif kanthi tuladha-tuladha sing trep karo aturan-aturan logika
semantik utamane bab analogi indhuktif saengga bisa nganalisis analogi jrone
argumen. Tujuwan panulise makalah iki kango luwih ngerteni kepriye titikan
analogi indhuktif ing sawijine proposisi utawa ukara siji lan liyane sajrone
wacana argumentatif. Panulise makalah iki dikarepake bisa menehi paedah seserepan
ngenani analogi indhuktif sajrone wacana argumentatif lan migunani tumrap
pasinaonan semantik logika, sarta supaya bisa luwih cetha lan nambah kawruh bab
analogi indhuktif. Supaya luwih ngerteni kepriye wujud lan konstruksi sawijine
analogi ing sawijine wacana. Saliyane iku bisa luwih ngerti endi ukara ing
sawijine wacana sing bisa dinalar kanthi analogi indhuktif lan bisa ngerti
dudutan saka wacana iku.
B. Andharan
Pawongan
bakal migunakake penalaran analogi nalika milih kaputusan tumrap sawijine bab
sing anyar, Ing ngisor iki ngandharake ngenani apa tegese analogi indhuktif,
titikan analogi indhuktif, lan jinise analogi indhuktif.
1. Tegese
Analogi Indhuktif
Penalaran
analogi miturut Stemberg jrone Suharnan (2005:182) bisa nembus jrone kauripan
saben dina. Oppern Haimer jrone Suharnan (2005:182) uga ngandharake yen ing
sekabehe kauripane manungsa, penalaran analogi ora bisa ditampik dening
pikirane manungsa. Sajrone Pendhidhikan, analogi mujudake piranti pasinaonan
sing wigati banget kanggo nyengkuyung sesambungan-sesambungan sing abstrak ing
antarane elmu kawruh sarta bisa ngalangi salaf konsep utawa salah tafsir kanggo
siswa.
Raven
jrone Suharnan (2005:183) ngandharake yen penalaran analogi mujudake punjer
saka intelegensine manungsa. Kawasisan intelektual sing digambarake sejatine
arupa karo kawasisan nalar analogis, amerga nggandhengake pamikiran individu
marang sesambungan antarane titikan-titikan tartamtu sing dialami. Analogi uga
dadi dhasar saka sawijine penalaran. Nalika kita nandhingake samubarang tegese
kita lagi nindhakake analogi, tuladhane kaya ndudut kaputusan. Analogi
indhuktif mujudake penalaran indhuktif sing nandhingake siji utawa luwih fenomena
sing sajajar sarta ndudut adhedhasar tandhingan kasebut.
Indhuksi
mujudake sawijine penalaran saka partikular (khusus) marang universal (umum)
(Ranjabar, 2015:146). Induksi mujudake sawijine proses mikir saka bab sing khusus
tumuju andharan sing luwih umum, kanthi pikiran sing bisa ndudut kawruh sing
khusus utawa partikular menyang kawruh sing umum utawa universal. Indhuktif
ditindhakake lumantar proposisi-proposisi khusus, kanggo ngasilake proposisi
sing luwih umum, utawa proposisi khusus tumuju proposisi khusus (mligi) liya lumantar proposisi sing luwih umum (Suharnan,
2005:177).
Analogi mujudake sawijine
jinis penalaran indhuktif. Analogi yaiku proses nalar adhedhasar nuduh utawa
nandhingake sawijine fakta khusus karo fakta khusus liyane. Analogi indhuktif
tegese analogi sing disusun
adhedhasar bab sing padha saka rong fenomena, banjur ditarik dudutan yen apa
sing ana ing fenomena sepisan uga kalaku ing fenomena kapindho.
Tuladhane
: Socrates
mati. (proposisi
partikular)
Plato mati. (proposisi
partikular)
Aristoteles mati. (proposisi
partikular)
Dheweke kabeh yaiku manungsa. (proposisi
partikular)
Dadi, kabeh manungsa mati. (universal)
Analogi
indhuktif, dudutan utawa konklusine ora mesthi arupa proposisi universal
nanging gumantung saka jejer-jejer (subjek-subjek) sing dibandhingake jroning
analogi. Jejer sing dituduhake bisa asipat individual, partikular, utawa
universal. Teges ing analogi induktif sipate mung dikira-kira. Dadi ora mesthi
kasunyatane. Saya akeh faktor analogi sing disuguhake, kira-kirane saya sithik.
Analogi mujudake andharan
utawa dasar penalaran. Bab kasebut biyasane ana ing sawijine wacana
argumentatif. Tegese analogi bisa digunakake kanggo negesake utawa dadi dasar
nalar kanggo wacana argumentatif. Analogi jrone argumen asring diarani argumen
analogikal. Kaya sing diandharake ing ndhuwur, dadi struktur argumen analogikal
yaiku “saka sekabehe titikan sing padha
ing loro utawa luwih fenomena, didudut yen ana titikan sing padha tumrap
fenomena-fenomena sing gegandhengan.” Kanthi skematik tuladhane,
Amerga d iku analog karo a, b, lan c, mangka apa sing kelakon kanggo a, b,
lan c dikarepake kelakon kanggo d. Tuladhane,
a. Sarno putra Pak Sastro yaiku putra
sing temen lan jujur. (proposisi partikular)
b.
Sarni
putra Pak Sastro yaiku putra sing temen lan jujur. (proposisi partikular)
c.
Sardi
putra Pak Sastro yaiku putra sing temen lan jujur. (proposisi partikular)
d.
Sarto
yaiku putra Pak Sastro.
Dadi,
Sarto putra Pak Sastro yaiku putra sing temen lan jujur.
Tuladha ing ndhuwur
mujudake anane probabilitas utawa kira-kira ing analogine. Premis sing
dituduhake luwih sithik. Dadi tingkat kira-kirane saya dhuwur. Tegese yen anak
nomer siji nganti telu temen lan jujur kanthi analogi, bisa dadi anak nomer
telu uga temen lan jujur, nanging kanthi cara semantik kudu disawang saka
fakta-fakta sing luwih jangkep.
2. Titikan
Analogi Indhuktif sajrone Wacana Argumentatif
Argumen
analogikal nduweni fenomena kanggo ditandhingake lan pungkasane bisa didudut
adhedhasar fenomena-fenomena iku. Titikane analogi indhuktif yaiku ana loro
utawa fenomena sing ditandhingake, fenomena sing ditandhingake kudu sadrajat, wiwitane
nuduhake bab sing padha saka rong fenomena kasebut, lan ana dudutan saka
undheran sing diandharake. Sekabehe titikan iku bakal diandharake ing ngisor
iki.
a.
Nggunakake
loro utawa luwih fenomena utawa fakta sing ditandhingake. Bisa arupa objek
utawa kahanan, nanging bab sing dibandhingake sadrajat utawa dianggep padha.
b.
Wiwitane
nuduhake bab sing padha saka rong fenomena utawa fakta sing diandharake amerga
analogi nandhingake fenomena lumantar fenomena liyane sing sadrajat.
c.
Ditindhakake
lumantar proposisi khusus, kanggo ngasilake proposisi sing luwih umum, utawa
proposisi khusus tumuju proposisi khusus liya lumantar proposisi sing luwih
umum.
d.
Ana
dudutan saka topik sing diandharake. Papane ing pungkasan lan mujudake tegesan
saka fenomena utawa fakta sing dibandhingake. Bab iki uga diarani dudutan
analogis.
3. Struktur
Analogi Indhuktif sajrone Wacana Argumentatif
Suharnan
(2005) ngandharake yen penalaran analogi indhuktif dibage dadi loro, yaiku
analogi sesambungan sebab-akibat utawa kausal, lan sesambungan perangan total +
asosiasi.
a. Analogi
Sesambungan Kausalitas
Analogi iki
nandhingake rong bab utawa kadadeyan sing sadrajat miturut sipat-sipat tartamtu
adhedhasar struktur sesambungan sebab-akibat. Sebab-akibat utawa kausal tegese
fenomena kapisan mujudake sebab utawa sing jalari anane fenomena kapindho.
‘Jarene sing dirungu cablaka, semangat
makarya, golek sandhang pangan karo keluarga, saben dina iku mbutuhake sugesti.
Yaiku minangka “mantra panjurung” dimen semangate matikel-tikel, ora wegahan.
Wah apa ya bener?embuh bener orane....' (JB, 2016:32) edisi Minggu V Oktober 2016
Wacana
argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2016. Sugesti dianalogikake karo mantra panjurung.
Tegese mantra iku sing bisa ndadekake semangat. Yen ora ana mantra tegese ora
bakal ana semangat. Sugesti dianalogikake karo mantra iku. Dudutane saka wacana
argumentatif ing ndhuwur yaiku “Sugesti minangka mantra sing njalari semangat.”
b. Analogi
Perangan Total + Asosiasi
Analogi iki yaiku proses ndudut sing madhakake rong
kadadeyan kang bedha, amerga kalorone nduweni sipat-sipat tartamtu miturut
struktur sesambungan perangan-total. Analogi asosiasi iku adhedhasar struktur
asosiasi.
‘Jaran mono simbule pekerja keras. Dadi dimen
menehi sugesti amrih sing nduwe lukisan kasebut sengkut anggone makarya.
Sadrana njlentrehake’ (JB,
2016:32) edisi Minggu V Oktober 2016
Jaran
ditegesake minangka kewan sing kesit, tur cepet playune. Bab iki ditandhingake
karo semangat makarya. kalorone nduweni sipat-sipat tartamtu miturut struktur
sesambungan perangan-total lan asosiatif. Dadi sing jaran mlayune kesit iku
mesthi kaya cepet anggone makarya.
sing
terang, yen lukisan panen, iku murih sing nduwe pangarep-arepe murih “panen”
terus, akeh rejekine.” Ngono wangsulane Sadrana. (JB, 2016:32) edisi Minggu V Oktober
2016
Panen
identik karo rejeki. Panen ditandhingake karo rejeki. Kalorone nduweni sipat
sing padha yaiku, panen pari tegese akeh parine lan dianalogikake karo rejeki
sing akeh. Dadi panen terus iku negesake yen rejekine terus, ora enthek-enthek.
4. Jinis-jinis
Analogi Indhuktif sajrone Wacana Argumentatif (Argumen Analogikal)
Analogi
indhuktif kawastanan nalika nandhingake rong fenomena utawa fakta sing
sadrajat, kayata nandhingake kadadeyan, nandhingake kahanan, nandhingake
proses, sarta nandhingake samubarang (benda).
a. Nandhingake
Kadadeyan
Analogi
indhuktif bisa nandhingake samubarang sing awujud saka sawijine kadadeyan. kadadeyan
minangka wujud saka sawijine prastawa, bab iki bisa ditandhingake lumantar
sawijine analogi.
(1)
“Diumpamakna
wong lelungan numpak sepur mono, wulan iki pepindhane stasiun. Papan kanggo
mandheg sauntara. Minangka stasiun sing bisa kanggo mawas dhiri, ngungkal rasa
pangrasane, apa ta selawase sing ditindakake sajroning setaun mung kanggo
bab-bab sing kurang becik?” kandhane cablaka. (JB, 2016:32) edisi Minggu V Mei 2016
(1) Diumpamakna
wong lelungan numpak sepur.
(2) wulan
iki pepindhane stasiun.
(3) Papan
kanggo mandheg sauntara.
(4) Minangka
stasiun sing bisa kanggo mawas dhiri.
(5) Ngungkal
rasa pangrasane.
(6) Apa
ta selawase sing ditindakake sajroning setaun mung kanggo bab-bab sing kurang
becik.
Dadi : Wulan pasa iku “stasiun sauntara sepure manungsa.”
Wacana
argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2016. Pada ing
dhuwur nandhingake kadadeyan numpak sepur karo wulan pasa. Maknane gantine
wulan iku kaya pepindhane stasiun nalika numpak sepur. Ewadene wulan pasa kaya
ing stasiun sing mandheg mung sauntara kanggo mawas dhiri marang apa wae sing
wis ditindhakake ing setaun urip. Yen disawang luwih jero padha karo negesake
yen sepur sing mandeg sauntara ing stasiun iku kanggo ngeling-eling lumaku
sepure wis tekan ngendi wae. Kaya dene wulan pasa tumrap uripe manungsa. Saengga
kanthi cara analogi bisa diwastani yen wulan pasa iku “stasiun sauntara sepure
manungsa.”
(2)
‘Golek
dhuwit haram cukup liwat perizinan ing lembaga kang dadi panguwasane. Jan-jane
atasan utawa pimpinane padha ngerti, nanging merga enthuk setoran, wekasane
padha “belagak pilon” utawa merem wae ethok-ethok ora ngerti. Jan kaya
tumindhake thuyul temenan ta kuwi? Mung bedhane, thuyul asli nyetorake kabeh
dhuwit oleh-olehane, yen thuyul endhas ireng melu njupuk jatahe, atasan malah
kadhang kala mung dipyur-pyuri.‘ (JB,
2016:4) Edisi minggu V Oktober 2016
(1) Golek
dhuwit haram cukup liwat perizinan ing lembaga kang dadi panguwasane.
(2) Jan-jane
atasan utawa pimpinane padha ngerti, nanging merga enthuk setoran, wekasane
padha “belagak pilon” utawa merem wae ethok-ethok ora ngerti Minangka stasiun
sing bisa kanggo mawas dhiri.
(3) Kaya
tumindhake thuyul temenan ta kuwi.
(4) Bedhane,
thuyul asli nyetorake kabeh dhuwit oleh-olehane, yen thuyul endhas ireng melu
njupuk jatahe, atasan malah kadhang kala mung dipyur-pyuri.
Dadi : “korupsi ing lembaga negara kaya thuyul endhas ireng.”
Wacana
argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2016. Argumen ing
ndhuwur nandhingake kadadeyan suap utawa korupsi utawa nyolong dhuwit dening
Kemenhub sing ditandhingake karo thuyul. Thuyul saka kemenhub iki diwastani
thuyul endhas ireng, amerga pikanthuk kasil saka sing dicolong. Tumindhak
nyolong iku kaya dene thuyul, mula nandhingake kaloro bab iki kalebu analogi.
Dudutan saka wacana argumentatif ing ndhuwur yaiku “korupsi ing lembaga negara
kaya dene thuyul endhas ireng.”
b. Nandhingake
Kahanan
Analogi
nandhingake samubarang sing awujud kahanan, sipat utawa adjektiva. Bab iki
kanggo ndudut tandhingan saka kahanan sing lagi ditandhang ing dhiri pribadi
lan ing sakiwa tengene masyarakat.
(3)
Rasa
asih marang dhiri lan sasamaning dumadi nuwuhake rasa tentrem. Yen ati wis
tentrem, urip kepriye wae kahanane bakal nemu tentrem. Tentrem kang tukul saka
jero iki bakal sumorot lan sumirat menjaba, aweh pepadhang lan katentreman
marang bebrayan sakiwa-tengene lan jagat saisine. Yen kabeh wong bisa mangkono
apa bumi iki ora bakal dadi swarga? (JB,
2015:3) edisi Minggu 1 Januari 2015.
(1) Rasa
asih marang dhiri lan sasamaning dumadi nuwuhake rasa tentrem.
(2) Yen
ati wis tentrem, urip kepriye wae kahanane bakal nemu tentrem.
(3) Tentrem
kang tukul saka jero iki bakal sumorot lan sumirat menjaba.
(4) Aweh
pepadhang lan katentreman marang bebrayan sakiwa-tengene lan jagat saisine.
(5) Kabeh
wong bisa mangkono bumi iki bakal dadi swarga.
Dadi : “rasa asih ndadekake swarga bumi.”
Wacana
argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2015. Pada ing
ndhuwur nandhingake rasa asih karo swarga. Swarga kuwi papan kang endah banjur
dibandhingake karo rasa asih sing agawe tentrem. Tentrem mujudake pepadhang ing
jagat, saengga kaya swarga sing dadi pepadhang ing akhirat. Yen disawang luwih
jero ora kabeh wong nduweni rasa asih, saengga bumi iki durung bisa dadi
swarga. Saengga kanthi cara analogi bisa diwastani yen katentreman saka “rasa
asih ndadekake swarga bumi.”Analogi iki digayutake karo “rasa asih” lan
“katentreman.” Rasa asih gandheng karo katentreman, katentreman gayut karo
swarga ing bumi. Dadi rasa asih ndadekake swarga ing bumi. Bab iki dituduhake
kanthi proposisi-prposisi panyusune.
(4)
‘ingkang
dados jalaran amargi nerak malima. Arsa madat ngangge bangsanipun narkoba
ingkang dados mengsahipun nagari. Jinis narkoba ingkang katelah aspat punika
kaangge salebetipun paring piwulang ngengingi kadospundi nglampahi gesang
ingkang sae wonten ing alam donya. Bebasan lulut manut kepulut..’ (JB, 2016:46) edisi Minggu II Oktober
2016
(1) Ingkang
dados jalaran amargi nerak malima.
(2) Arsa
madat ngangge bangsanipun narkoba ingkang dados mengsahipun nagari.
(3) Jinis
narkoba ingkang katelah aspat punika kaangge salebetipun paring piwulang
ngengingi kadospundi nglampahi gesang ingkang sae wonten ing alam donya.
(4) Bebasan
lulut manut kepulut.
Dadi : “nerak malima iku kaya lulut manut kepulut.”
Wacana
argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2016. Argumen ing
ndhuwur nandhingake kahanan “nerak malima” lumantar narkoba karo bebasan “lulut
manut kepulut”. Tegese sapa sing manut kaya dene lulut bakal kena pulute utawa
jebakane. Pulut ing kene tegese jebakan. Dene pawongan sing kasil nampik malima
tegese nglampahi gesang ingkang sae (becik uripe). Dudutane saka pungkasane
pada yaiku “nerak malima iku kaya lulut manut kepulut.”
(5)
Iki
gara-gara neng ndhuwur-ndhuwur mung umeg wae, nganthi ora mikir rakyate! Ngene
iki njur sing ngisor golek untung kanthi cara sing nggak genah. Ngracuni
bangsane...! saiki ngendi-endi kinepung racun...” Ngono ngremenge Mboke
Cablaka. (Jb,
2015:32) edisi Minggu III April 2015
(1) Gara-gara
neng ndhuwur-ndhuwur mung umeg wae, nganthi ora mikir rakyate.
(2) Sing
ngisor golek untung kanthi cara sing nggak genah.
(3) Ngracuni
bangsane.
(4) Saiki
ngendi-endi kinepung racun.
Dadi : pimpinan iku “mimpin
kanthi racun bangsa.”
Wacana argumentatif ing
ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2015. Pada ing ndhuwur nandhingake
pejabat karo racun. Tembung ‘ndhuwur-ndhuwur’ tegese pejabat. Ditegesake yen
pejabat iku mung umeg wae nganti nyengsarakake rakyate. Rakyat mbenerake maneka
warna cara kanggo urip. Banjur ing masyarakat malih ora nemu katentreman. Yen
dimaknani luwih jero yen pejabat iku mikirake rakyat bangsa bakal pikanthuk
katentreman. Saengga kanthi cara analogi bisa diwastani yen pejabat iku “mimpin
kanthi gracuni bangsane.” Racun bangsa tegese prakara kanggo bangsa. Wiwitane
saka “ndhuwur-ndhuwur” sing tegese pejabat negara digayutake karo “sing ngisor”
sing tegese rakyat. Banjur “rakyat digayutake karo “kinepung racun” tegese kena
akeh prakara. Dadi analogine pimpinan
iku mimpin kanthi racun bangsa.
c. Nandhingake
Proses
Proses
ing kene tegese dudu mung kahanan utawa kadadeyan, proses biyasane migunakake
tembung kriya proses kaya tembung “nyiram,” “nularake,” lsp kaya ing ngisor
iki,
(6)
“yen
ndheleng kahanan kaya ngene iki rasane ati banjur adhem kaya disiram banyu
genuk. Muga iki dadi pratandha kelestariane bathik lasem sing nduweni sejarah dawa.
Bibit-bibit unggul iki muga dadi virus sing bakal nularake rasa tresnane uga
kabisane marang lingkungane dhewe-dhewe,” pangarepe Sulistyo (JB, 2016: )
edisi Minggu 2016
(1) Rasane
ati banjur adhem kaya disiram banyu genuk.
(2) Pratandha
kelestariane bathik lasem sing nduweni sejarah dawa.
(3) Bibit-bibit
unggul iki muga dadi virus sing bakal nularake rasa tresnane uga kabisane
marang lingkungane dhewe-dhewe.
Dadi : Virus sing
nularake rasa tresna marang bathik ndadekake “ati adhem kaya disiram banyu genuk.”
Wacana
argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2016. Argumen ing
dhuwur nandhingake proses “disiram banyu genuk” karo “virus sing nularake rsa
tresna marang bathik.” Nyawang bibit-bibit unggul sing kaya dene virus bisa
nularake rasa tresna marang bathik, dadi sing ditularake dudu penyakit, dene
ati sing nyawang kahanan iku kaya siniram banyu genuk. Tegese bibit-bibit
unggul kaya dene virus kang bakal nularake rasa tresna marang bathik lan
ndadekake ati adhem kaya kesiram banyu genuk mujudake analogi. Dudutan saka
argumen ing ndhuwur yaiku “virus sing nularake rasa tresna marang bathik
ndadekake ati adhem kaya disiram banyu genuk.”
(7)
Cablaka,
rumangsa begja bisa nemokake kanca-kanca kang dumadi wong-wong cilik sing padha
jagongan buyeng neng warung arung ngene iki. Sing pranyata isih nduweni
banyu-banyu bening kang bisa nyiram ati kemrungsung. Ketemu kanca ngene iki
sing bisa ndadekake ati bisa lajer.... (JB, 2015:32) edisi minggu IV Maret 2015
(1) Rumangsa
begja bisa nemokake kanca-kanca kang dumadi wong-wong cilik sing padha jagongan
buyeng neng warung arung ngene iki.
(2) Nduweni
banyu-banyu bening kang bisa nyiram ati kemrungsung.
(3) Ketemu
kanca ngene iki sing bisa ndadekake ati bisa lajer.
Dadi : kanca sing “cecaturan bisa nyiram ati kemrungsung.”
Wacana argumentatif ing
ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2015. Sing ditandhingake yaiku
‘kanca’ karo ‘ati kemrungsung’ lumantar tembung kriya proses ‘nyiram.’
Diandharake yen cecaturan karo kanca bisa ndadekake ati ayem, lajer, adhem. Saengga
kanthi cara analogi bisa diwastani yen kanca sing “cecaturan bisa nyiram ati
kemrungsung.” Nanging yen disawang luwih jero negesake yen kanca-kanca saka
wong-wong gedhe ora bisa ndadekake ati lajer. Banjur bab iki mujudake
probabilitas utawa kira-kira saka sawijine analogi.
d. Nandhingake
Barang
Analogi
indhuktif pancen paling akeh nandhingake samubarang sing konkret. Amerga luwih
gampang didudut saka fenomena utawa fakta-fakta sing wis jelas wujude. Kaya ing
ngisor iki,
(8)
“pemudha
mono satriyaning bangsa. Lha sing jeneng satriya iku kudu tatag, teteg,
tangguh, tanggon, tanggap, lan tutug. Aku mau ngomong bab sipat-sipate satriya,
iku maksude aweh pemut dimen bocah-bocah ora dadi generasi sing gampang
mutungan.” (JB,
2014:32) edisi Minggu 1 Nopember 2014
(1) Pemudha
satriyaning bangsa.
(2) Satriya
iku kudu tatag, teteg, tangguh, tanggon, tanggap, lan tutug.
(3) Mau
bab sipat-sipate satriya.
(4) Dimen
bocah-bocah ora dadi generasi sing gampang mutungan.
Dadi : generasi anom iku “pemudha satriyane bangsa.”
Wacana
argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2014. Pada ing
ndhuwur nandhingake pemudha karo satriya. Tegese yen satriya iku nduweni sipat
tatag, teteg, tangguh tanggon tanggap lan tutug semono uga pemudha uga kudu
nduweni sipate satriya. Nanging yen disawang luwih jero, yen sipate pemudha
saiki gampangmutungan, pemudha iku dudu satriyaning bangsa maneh amerga ora
nduweni sipat-sipate satriya. Saengga kanthi cara analogi bisa diwastani yen
generasi anom iku “pemudha satriyane bangsa.” Analogi iku ngandharake ngenani
“generasi anom.” Ing wiwitan pada wis diandharake ngenani analogi iku banjur
ditegesake lumantar proposisi-proposisi sing dituduhake.
(9)
‘Asil saka pamiliyan pemimpin iki minangka
wujud kaca benggala kang nuduhake manawa pamilih Jakarta saya cerdas, rasional
lan bebas saka kungkungan pola pikir kang cupet.’ (JB, 2016:3) edisi Minggu II Oktober
2016
(1) Asil
saka pamiliyan pemimpin iki minangka wujud kaca benggala kang nuduhake manawa
pamilih Jakarta saya cerdas.
(2) Rasional
lan bebas saka kungkungan pola pikir kang cupet.
Dadi : Bebase pamikiran rakyat iku “kaca benggala saka asile pamiliyan.”
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka
rubrik majalah Jaya Baya taun 2016. Argumen ing ndhuwur nandhingake tembung
aran “asil pamiliyan” karo “kaca benggala”. Tegese kaca benggala kuwi kaya dene
piranti kanggo meruhi kasil kepenginane rakyat. Rakyat dianggep wis bisa
nemtokake kekarepane marang laladane dhewe, saengga sapa pawongan sing kapilih
iku mujudake asil saka kekarepane rakyat dhewe. Kaca benggala dipadhakake karo
kacerdasan, rasional, lan bebase pamikiran rakyat kanggo milih pamimpine
saengga bab iki mujudake sawijine analogi. Dudutan saka argumen ing ndhuwur
yaiku bebase pamikiran rakyat iku kaca benggala saka asile pamiliyan.
(10)
“curiga
(keris) iku ngemu teges sukma manungsa, ‘manjing’ iku tegese lumebu ana njero,
dene ‘warangka’ iku ateges wadhah utawa raga. Iki mono ngibarate sukma kang
manunggal ing ragane. Gamblange iku kaya dene wong urip bebojoan lanang lan wadon....!
Curiga iku nggambarake priya, lan warangkaiku nggambarake wanita.lha mathuke
sing jeneng warangka mau kudu bisa dadi gegambarane kulit njaba sing uga
ngumbulake drajat...” ngono jlentrehane Pakdhe. (JB, 2014:32) edisi Minggu I Mei 2014
(1) Curiga (keris) iku ngemu teges sukma manungsa,
‘manjing’ iku tegese lumebu ana njero, dene ‘warangka’ iku ateges wadhah utawa
raga.
(2) Gamblange
iku kaya dene wong urip bebojoan lanang lan wadon.
(3) Curiga
iku nggambarake priya, lan warangkaiku nggambarake wanita.
Dadi : Bebojoan iku “urip arupa keris lan warangkane”.
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka
rubrik majalah Jaya Baya taun 2014. Pada ing ndhuwur nandhingake urip bebojoan
karo keris lan warangkane. Maknane lanang iku kaya curiga lan wadon iku kaya
warangka sing ngumbulake drajat garwane. Nanging yen disawang luwih jero maneh,
maknane yen keris iku kelangan warangkane, mangka keris iku kaya ora nduweni
raga. Semono uga karo urip bebojoan. Ing kene diandharake analogine kanthi
sawijine proposisi individual yaiku “urip arupa keris lan warangkane” sing
diandharake lumantar tembung “bebojoan.” Saengga kanthi cara analogi bisa
diwastani yen bebojoan iku “urip arupa keris lan warangkane”.
C. Dudutan
Saka andharan
ing ndhuwur bisa didudut yen analogi digunakake kanggo nemtokake kaputusan,
kanggo dhasare pamikiran, sarta nandhingake fenomena-fenomena sing ana ing
alam. Analogi mujudake sawijine jinis penalaran indhuktif. Analogi induktif nandhingake
loro utawa luwih fenomena sing padha kanthi ndudut saka perangan sing
partikular menyang universal. Analogi lumrahe dumadi ing sawijine argumen
sajrone cecaturan. Analogi digunakake supaya bisa ngarahake menyang ngendi
tujune cecaturan lumantar tandhingan-tandhingan ing fakta-fakta sing
diandharake. Analogi jrone argumen kawastanan argumen analogikal, argumen
analogikal nduweni fenomena kanggo ditandhingake lan pungkasane bisa didudut
adhedhasar fenomena-fenomena iku.
Kapustakan
Adiman. “Analisa Penalaran Induktif.”
15 oktober 2016. http://adimanpangaribuan. blogspot.co.id/2012/12/analisa-penalaran
induktif. html
Ahmadi, Abu, dkk. 1991.
Psikologi Belajar. Rineka Cipta. Jakarta
Bhajo, Klemens. “kesimpulan analogi dan probabilitas.” 19 Oktober 2016. http://letmegodear. blogspot. co.id/2013/04/kesimpulan-analogi-dan-probabilitas.html
Chaer, Abdul. 2009. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Rineka
Cipta. Jakarta.
Djajasudarma, Fatimah. 2007. Semantik 1; Makna Leksikal dan Gramatikal.
Refika Aditama. Bandung.
Leech, Geoffrey. 2003. Semantik. Pustaka Pelajar. Yogyakarta.
Ling, Jonathan, dkk.
2012. Psikologi Kognitif. Erlangga.
Jakarta
Ningrum, Rita Kusuma. “Penalaran.” 2
november 2016. http://rikakusumaningrum.
blogspot.co.id/2011/11/penalaran.html
Parera, J.D. 2004: Teori Semantik edisi kedua. Erlangga.
Jakarta.
Ranjabar, Jacobus. 2015. Dasar-dasar Logika. Alfabeta. Bandung.
Reed, Stephen K. 2010. Cognition;
Theories and Applications, Eight Edition. Wadsworth. America
Soekadijo, R.G. 1988. Logika Dasar Tradisional, Simbolik, dan
Deduktif. Gramedia. Jakarta.
Suharnan. 2005. Psikologi Kognitif ; Edisi Revisi. Srikandi. Surabaya.