UPACARA JALANI DIPUJA PANTAI BALEKAMBANG
Kauripan sosial ekonomi masyarakat pesisir pantai
Balekambang ing Desa Srigonco, Kecamatan Bantur, Kabupaten Malang wis mujudake
yen akeh saka dheweke, utamane sing kagolong nelayan buruh utawa nelayan –
nelayan cilik, urip jroning kemlaratan. Kabisaan dheweke gawe nyukupi kabutuhan
dasar minimal urip saben dinane terbatas banget. Gawe masyarakat nelayan, ing
antarane pirang – pirang kabutuhan pokok jroning urip, kabutuhan sing paling
penting yaiku pangan. Anane jaminan ngebaki kabutuhan pangan saben dina gedhe
banget perane gawe kelangsungan uripe.
Sanajan kaanan ekonomine akeh sing bisa diarano angel,
nanging masyarakat tetep njaga tradisi sing wis pirang – pirang taun suwene
dianakake. Akehe saka masyarakat kono kuwi ngenut agama islam, masyarakat
pantai balekambang ora nganggep upacara djalani dipuja mung upacarane wong
hindu wae, nanging luwih marang kapercayan sing dienut saka nenek moyange sing
nganggep dadi panyucian jiwa lan alam.
Dudu mung upacara jalani dipuja sing masyarakat non hindu
eloki, ing masyarakat hindu nduweni kapercayan yen larung jolen sing digawe kuwi mujudake simbolisasi utawa ungkapan rasa
syukur marang Sang Hyang Widhi gawe sekabehing rejeki sing padha ditampa
sasuwene iki. Mligine marang Sang Hyang Baruna sing ngreksa laut. Kejaba kuwi, pelarungan sesajen kasebut uga nduweni makna
penjalukanan selamet lan diadohake saka sekabehing duka ing masa sing bakal teka. ora merga
dheweke sing nduweni agama liya kasebut kehindu-hinduan nanging amerga semangat
gotong-royong sing dheweke enut
dipercaya bakal nuwuh-kembangake bebrayan jroning bermasyarakat lan djadi
kesatuan rasa bungah, senang, susah, pikantuk lan sapanunggalane.
Bab
kasebut ing dhuwur uga nuwuhake yen masyarakat pesisir Pantai Balekambang yaiku
masyarakat sing sederhana gandheng hubungan individu karo individu liyane jroning
masyarakat kono raket banget, lan kapercayan sing kuwat ing kakuwatan-kakuwatan
gaib sing dipercaya ngaruh jroning uripe.
Katrangan
kasebut uga njelasake yen budayane nduweni sumber saka alam semesta (kalebu
konsep donya lan alam sing asipat sakral), kebajikan utawa ajaran pribadi
manungsa tartamtu, mistisme utawa kapercayan kebatinan, lan agama tartamtu.
Upacara Jalani
Dhipuja mesthi dileksanakake
3 dina sadurunge dina gedhe Nyepi lan kalebu ritual keagaaman. Ing Pulau Bali,
upacara sing padha, yaiku sing dileksanakake 3 dina sadurunge Nyepi, diarani
Melasti. Inti saka perayaan Jalani
Dhipuja yaiku panyucian;
jroning bab iki nyucikake jagat
alit lan jagad gede (donya cilik lan donya gedhe). Bab sing
dimaksud jagat alit yaiku manungsa iku dhewe sing
dipercaya dadi parwujudan saka bagian cilik alam semesta. Sewetara iku, jagad gede yaiku mesthine alam semesta sarta
isine, papan manungsa urip lan nglakoni kauripan.
Yen
ing Bali upacara iki kasebut Melasti, geneya antarane jeneng ing Bali lan ing
Jawa beda, merganeing Agama Hindu kenal anane Desa kala patra, yaiku panylarasan
karo wektu lan daerah anane.
Salah saijine kalengkapan upacara sing penting lan kudu ana yaiku
dianakake jolen (sesajen) sing bakal dilarung menyang
laut. Larung jolen iki mujudake simbolisasi utawa
ungkapan rasa syukur marang Sang Hyang Widhi saka sekabehing rejeki sing padha ditampa
sasuwene iki, mligine marang Sang Hyang Baruna sing ngreksani laut.
Jolen utawa sesajen sing digawa gawe dipersembahake biyasane
terdiri saka limang unsur, yaiku palem, patrem, puspem, toyem dandupem (buah, godhong, kembang, banyu, lan
dupa). Kalima unsur kasebut dipercaya dadi lambang atawa mujudake urip manungsa.
Jolen sing digawa saben daerah biyasane wujud lan isine beda-beda lan dihias kanthi
apik.
Esuk - esuk banget adicara rituwal dimulai saka mendak ngarak Toyo Anyar sing sadurunge disucikake dishek ing
pura. Toyo anyar banjur digawa kanthi cara diarak gawe dibacutnya diwenehake
menyang Pendeta Agung—Panaya Nirmala lan Putra Nirmala. Sadurunge mulai
dilarung menyang laut, kabeh sesajen atawa jolen uga bakal disucikake dening kaloro pendeta
kasebut kanthi cara dedunga.
Prosesi upacara sakral iki banjur dipungkasi kanthi ditindhakake
sembahyang Tri Sandya lan Kramaning
Sembah sesarengan ing Pura
Amerta Jati. Upacara jalani
dhipuja iki yaiku salah siji
saka saperangan upacara jelang dina gedhe Nyepi. Sabanjure, pas sokmbene, wong Hindu Malang bakal uga
ngelakokake upacara Tawur
Agung utawa Ogohogoh ing
Stadion Gajahyana, Malang. samenene dina sawise Tawur Agung, umat Hindu
nglakokake Nyepi karo ngleksanakake Tapa
Beratapenyepiyan.
jroning nindakake upacara Nyepi, ora ana sing oleh nglakoni
tumindhak apa wae kejaba nglakoni renungan ing omah. ana papat pantangan (catur
brata penyepian) sing wajib ditaati umat Hindu dina iku, yaiku ora
nyalahake lampu (Amati geni), ora nglakoni tumindhak (Amati karya),
ora lelunga (Amati lelungan), lan pungkasane ora rekreasi atawa seneng-seneng
(Amati lelanguan).
paedah
dianakake upacara Jalani Dipuja iki yaiku ing antarane, nyedhakake bebrayan karo
Sang Maha Pencipta: jroning sekabehe praktek kearifanlokal ana dedunga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar