Selasa, 05 September 2017

ANALOGI INDHUKTIF SAJRONE WACANA ARGUMENTATIF

ANALOGI INDHUKTIF SAJRONE WACANA ARGUMENTATIF
Devi Nur Ratna EP
13020114045
2013-B
A.     Purwaka
Analogi ing panguripan digunakake kanggo nemtokake kaputusan, kanggo dhasare pamikiran, sarta nandhingake kadadeyan-kadadeyan sing ana ing alam. Analogi bisa uga kanggo dhasar ilmu liyane, kayata psikologi kognitif, lan dhasar logika. Analogi dumadi minangka punjer saka intelegensi manungsa, amerga kawasisan-kawasisane manungsa saka aspek intelektualitas sejatine kalebu nalar analogis. Kaputusan-kaputusan bisa didudut lan ditemtokake nggunakake analogi. Analogi lumrahe dumadi ing sawijine argumen sajrone cecaturan. Analogi digunakake supaya bisa ngarahake menyang ngendi ancase cecaturan lumantar tandhingan-tandhingan ing fakta-fakta sing diandharake. Analogi ora mung kanggo negesake sawijine arumen, nanging uga dhasar saka pamikiran sing bisa nampik salahe panegesan sawijine ilmu, amerga analogi iku kalebu penalaran sing paling mangaribawani lan umum saka sekabehe proses rasional.
Bab analogi indhuktif sajrone wacana kaya wacana argumentatif iki diandharake kanthi cara dhewe-dhewe. Buku-buku sing ngandharake bab iki yaiku lumantar  buku Logika dhewe, psikologi kognitif dhewe. Ora disambungake karo ilmu liyane kaya semantik. Amerga analogi indhuktif pancen raket banget karo elmu psikologi kognitif, saliyane iku, uga raket banget karo ilmu logika matematika. Makalah iki ngandharake analogi indhuktif sajrone wacana argumentatif kanthi nitiki teges logis lan orane sing kalebu ing analogi iku. Sejatine bab analogi indhuktif kerep diteliti sajrone elmu liyane, yaiku elmu psikologi sing nengenake intelegensi utawa kognitif. Kayata dening Purnomo (2007) Universitas Sebelas Maret Surakarta bab “Analisis Penalaran pada Karangan Siswa Kelas VIII Negeri 2 Tangen Kabupaten Sragen,” ngandharake yen. Makalah iki njupuk dhata saka majalah Jaya Baya wiwit taun 2014-2016 ing rubrik sing kalebu wacana argumentatif kaya dene rubrik Ature Redaksi, Kembang Lambe, Gambang Suling, Obrolan Cablaka lan Pustaka.
Analogi indhuktif sajrone wacana argumentatif bakal diandharake kanthi cara kontekstual kanthi medharake teges analogi indhuktif sajrone wacana argumentatif lan  perangan analogi indhuktif sajrone wacana argumentatif kanthi tuladha-tuladha sing trep karo aturan-aturan logika semantik utamane bab analogi indhuktif saengga bisa nganalisis analogi jrone argumen. Tujuwan panulise makalah iki kango luwih ngerteni kepriye titikan analogi indhuktif ing sawijine proposisi utawa ukara siji lan liyane sajrone wacana argumentatif. Panulise makalah iki dikarepake bisa menehi paedah seserepan ngenani analogi indhuktif sajrone wacana argumentatif lan migunani tumrap pasinaonan semantik logika, sarta supaya bisa luwih cetha lan nambah kawruh bab analogi indhuktif. Supaya luwih ngerteni kepriye wujud lan konstruksi sawijine analogi ing sawijine wacana. Saliyane iku bisa luwih ngerti endi ukara ing sawijine wacana sing bisa dinalar kanthi analogi indhuktif lan bisa ngerti dudutan saka wacana iku.

B.     Andharan
Pawongan bakal migunakake penalaran analogi nalika milih kaputusan tumrap sawijine bab sing anyar, Ing ngisor iki ngandharake ngenani apa tegese analogi indhuktif, titikan analogi indhuktif, lan jinise analogi indhuktif.
1.      Tegese Analogi Indhuktif
Penalaran analogi miturut Stemberg jrone Suharnan (2005:182) bisa nembus jrone kauripan saben dina. Oppern Haimer jrone Suharnan (2005:182) uga ngandharake yen ing sekabehe kauripane manungsa, penalaran analogi ora bisa ditampik dening pikirane manungsa. Sajrone Pendhidhikan, analogi mujudake piranti pasinaonan sing wigati banget kanggo nyengkuyung sesambungan-sesambungan sing abstrak ing antarane elmu kawruh sarta bisa ngalangi salaf konsep utawa salah tafsir kanggo siswa.
Raven jrone Suharnan (2005:183) ngandharake yen penalaran analogi mujudake punjer saka intelegensine manungsa. Kawasisan intelektual sing digambarake sejatine arupa karo kawasisan nalar analogis, amerga nggandhengake pamikiran individu marang sesambungan antarane titikan-titikan tartamtu sing dialami. Analogi uga dadi dhasar saka sawijine penalaran. Nalika kita nandhingake samubarang tegese kita lagi nindhakake analogi, tuladhane kaya ndudut kaputusan. Analogi indhuktif mujudake penalaran indhuktif sing nandhingake siji utawa luwih fenomena sing sajajar sarta ndudut adhedhasar tandhingan kasebut.
Indhuksi mujudake sawijine penalaran saka partikular (khusus) marang universal (umum) (Ranjabar, 2015:146). Induksi mujudake sawijine proses mikir saka bab sing khusus tumuju andharan sing luwih umum, kanthi pikiran sing bisa ndudut kawruh sing khusus utawa partikular menyang kawruh sing umum utawa universal. Indhuktif ditindhakake lumantar proposisi-proposisi khusus, kanggo ngasilake proposisi sing luwih umum, utawa proposisi khusus tumuju proposisi khusus (mligi) liya lumantar proposisi sing luwih umum (Suharnan, 2005:177).
Analogi mujudake sawijine jinis penalaran indhuktif. Analogi yaiku proses nalar adhedhasar nuduh utawa nandhingake sawijine fakta khusus karo fakta khusus liyane. Analogi indhuktif tegese analogi sing disusun adhedhasar bab sing padha saka rong fenomena, banjur ditarik dudutan yen apa sing ana ing fenomena sepisan uga kalaku ing fenomena kapindho.
Tuladhane :     Socrates mati.                                     (proposisi partikular)
                        Plato mati.                                           (proposisi partikular)
                        Aristoteles mati.                                  (proposisi partikular)
                        Dheweke kabeh yaiku manungsa.     (proposisi partikular)
                        Dadi, kabeh manungsa mati.           (universal)
Analogi indhuktif, dudutan utawa konklusine ora mesthi arupa proposisi universal nanging gumantung saka jejer-jejer (subjek-subjek) sing dibandhingake jroning analogi. Jejer sing dituduhake bisa asipat individual, partikular, utawa universal. Teges ing analogi induktif sipate mung dikira-kira. Dadi ora mesthi kasunyatane. Saya akeh faktor analogi sing disuguhake, kira-kirane saya sithik.
Analogi mujudake andharan utawa dasar penalaran. Bab kasebut biyasane ana ing sawijine wacana argumentatif. Tegese analogi bisa digunakake kanggo negesake utawa dadi dasar nalar kanggo wacana argumentatif. Analogi jrone argumen asring diarani argumen analogikal. Kaya sing diandharake ing ndhuwur, dadi struktur argumen analogikal yaiku “saka sekabehe titikan sing padha ing loro utawa luwih fenomena, didudut yen ana titikan sing padha tumrap fenomena-fenomena sing gegandhengan.” Kanthi skematik tuladhane,
Amerga d iku analog karo a, b, lan c, mangka apa sing kelakon kanggo a, b, lan c dikarepake kelakon kanggo d. Tuladhane,
a.    Sarno putra Pak Sastro yaiku putra sing temen lan jujur. (proposisi partikular)
b.    Sarni putra Pak Sastro yaiku putra sing temen lan jujur. (proposisi partikular)
c.    Sardi putra Pak Sastro yaiku putra sing temen lan jujur. (proposisi partikular)
d.    Sarto yaiku putra Pak Sastro.
Dadi, Sarto putra Pak Sastro yaiku putra sing temen lan jujur.
Tuladha ing ndhuwur mujudake anane probabilitas utawa kira-kira ing analogine. Premis sing dituduhake luwih sithik. Dadi tingkat kira-kirane saya dhuwur. Tegese yen anak nomer siji nganti telu temen lan jujur kanthi analogi, bisa dadi anak nomer telu uga temen lan jujur, nanging kanthi cara semantik kudu disawang saka fakta-fakta sing luwih jangkep.

2.      Titikan Analogi Indhuktif sajrone Wacana Argumentatif
Argumen analogikal nduweni fenomena kanggo ditandhingake lan pungkasane bisa didudut adhedhasar fenomena-fenomena iku. Titikane analogi indhuktif yaiku ana loro utawa fenomena sing ditandhingake, fenomena sing ditandhingake kudu sadrajat, wiwitane nuduhake bab sing padha saka rong fenomena kasebut, lan ana dudutan saka undheran sing diandharake. Sekabehe titikan iku bakal diandharake ing ngisor iki.
a.      Nggunakake loro utawa luwih fenomena utawa fakta sing ditandhingake. Bisa arupa objek utawa kahanan, nanging bab sing dibandhingake sadrajat utawa dianggep padha.
b.      Wiwitane nuduhake bab sing padha saka rong fenomena utawa fakta sing diandharake amerga analogi nandhingake fenomena lumantar fenomena liyane sing sadrajat.
c.      Ditindhakake lumantar proposisi khusus, kanggo ngasilake proposisi sing luwih umum, utawa proposisi khusus tumuju proposisi khusus liya lumantar proposisi sing luwih umum.
d.      Ana dudutan saka topik sing diandharake. Papane ing pungkasan lan mujudake tegesan saka fenomena utawa fakta sing dibandhingake. Bab iki uga diarani dudutan analogis.

3.      Struktur Analogi Indhuktif sajrone Wacana Argumentatif
Suharnan (2005) ngandharake yen penalaran analogi indhuktif dibage dadi loro, yaiku analogi sesambungan sebab-akibat utawa kausal, lan sesambungan perangan total + asosiasi.
a.      Analogi Sesambungan Kausalitas
Analogi iki nandhingake rong bab utawa kadadeyan sing sadrajat miturut sipat-sipat tartamtu adhedhasar struktur sesambungan sebab-akibat. Sebab-akibat utawa kausal tegese fenomena kapisan mujudake sebab utawa sing jalari anane fenomena kapindho.
 ‘Jarene sing dirungu cablaka, semangat makarya, golek sandhang pangan karo keluarga, saben dina iku mbutuhake sugesti. Yaiku minangka “mantra panjurung” dimen semangate matikel-tikel, ora wegahan. Wah apa ya bener?embuh bener orane....' (JB, 2016:32) edisi Minggu V Oktober 2016
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2016.  Sugesti dianalogikake karo mantra panjurung. Tegese mantra iku sing bisa ndadekake semangat. Yen ora ana mantra tegese ora bakal ana semangat. Sugesti dianalogikake karo mantra iku. Dudutane saka wacana argumentatif ing ndhuwur yaiku “Sugesti minangka mantra sing njalari semangat.”
b.     Analogi Perangan Total + Asosiasi
Analogi iki yaiku proses ndudut sing madhakake rong kadadeyan kang bedha, amerga kalorone nduweni sipat-sipat tartamtu miturut struktur sesambungan perangan-total. Analogi asosiasi iku adhedhasar struktur asosiasi.
 ‘Jaran mono simbule pekerja keras. Dadi dimen menehi sugesti amrih sing nduwe lukisan kasebut sengkut anggone makarya. Sadrana njlentrehake’ (JB, 2016:32) edisi Minggu V Oktober 2016
Jaran ditegesake minangka kewan sing kesit, tur cepet playune. Bab iki ditandhingake karo semangat makarya. kalorone nduweni sipat-sipat tartamtu miturut struktur sesambungan perangan-total lan asosiatif. Dadi sing jaran mlayune kesit iku mesthi kaya cepet anggone makarya.
sing terang, yen lukisan panen, iku murih sing nduwe pangarep-arepe murih “panen” terus, akeh rejekine.” Ngono wangsulane Sadrana. (JB, 2016:32) edisi Minggu V Oktober 2016
Panen identik karo rejeki. Panen ditandhingake karo rejeki. Kalorone nduweni sipat sing padha yaiku, panen pari tegese akeh parine lan dianalogikake karo rejeki sing akeh. Dadi panen terus iku negesake yen rejekine terus, ora enthek-enthek.
4.      Jinis-jinis Analogi Indhuktif sajrone Wacana Argumentatif (Argumen Analogikal)
Analogi indhuktif kawastanan nalika nandhingake rong fenomena utawa fakta sing sadrajat, kayata nandhingake kadadeyan, nandhingake kahanan, nandhingake proses, sarta nandhingake samubarang (benda).
a.      Nandhingake Kadadeyan
Analogi indhuktif bisa nandhingake samubarang sing awujud saka sawijine kadadeyan. kadadeyan minangka wujud saka sawijine prastawa, bab iki bisa ditandhingake lumantar sawijine analogi.
(1)
“Diumpamakna wong lelungan numpak sepur mono, wulan iki pepindhane stasiun. Papan kanggo mandheg sauntara. Minangka stasiun sing bisa kanggo mawas dhiri, ngungkal rasa pangrasane, apa ta selawase sing ditindakake sajroning setaun mung kanggo bab-bab sing kurang becik?” kandhane cablaka. (JB, 2016:32) edisi Minggu V Mei 2016
(1)  Diumpamakna wong lelungan numpak sepur.
(2)  wulan iki pepindhane stasiun.
(3)  Papan kanggo mandheg sauntara.
(4)  Minangka stasiun sing bisa kanggo mawas dhiri.
(5)  Ngungkal rasa pangrasane.
(6)  Apa ta selawase sing ditindakake sajroning setaun mung kanggo bab-bab sing kurang becik.
Dadi : Wulan pasa iku “stasiun sauntara sepure manungsa.”
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2016. Pada ing dhuwur nandhingake kadadeyan numpak sepur karo wulan pasa. Maknane gantine wulan iku kaya pepindhane stasiun nalika numpak sepur. Ewadene wulan pasa kaya ing stasiun sing mandheg mung sauntara kanggo mawas dhiri marang apa wae sing wis ditindhakake ing setaun urip. Yen disawang luwih jero padha karo negesake yen sepur sing mandeg sauntara ing stasiun iku kanggo ngeling-eling lumaku sepure wis tekan ngendi wae. Kaya dene wulan pasa tumrap uripe manungsa. Saengga kanthi cara analogi bisa diwastani yen wulan pasa iku “stasiun sauntara sepure manungsa.”
(2)
‘Golek dhuwit haram cukup liwat perizinan ing lembaga kang dadi panguwasane. Jan-jane atasan utawa pimpinane padha ngerti, nanging merga enthuk setoran, wekasane padha “belagak pilon” utawa merem wae ethok-ethok ora ngerti. Jan kaya tumindhake thuyul temenan ta kuwi? Mung bedhane, thuyul asli nyetorake kabeh dhuwit oleh-olehane, yen thuyul endhas ireng melu njupuk jatahe, atasan malah kadhang kala mung dipyur-pyuri.‘ (JB, 2016:4) Edisi minggu V Oktober 2016
(1)  Golek dhuwit haram cukup liwat perizinan ing lembaga kang dadi panguwasane.
(2)  Jan-jane atasan utawa pimpinane padha ngerti, nanging merga enthuk setoran, wekasane padha “belagak pilon” utawa merem wae ethok-ethok ora ngerti Minangka stasiun sing bisa kanggo mawas dhiri.
(3)  Kaya tumindhake thuyul temenan ta kuwi.
(4)  Bedhane, thuyul asli nyetorake kabeh dhuwit oleh-olehane, yen thuyul endhas ireng melu njupuk jatahe, atasan malah kadhang kala mung dipyur-pyuri.
Dadi : “korupsi ing lembaga negara kaya thuyul endhas ireng.”
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2016. Argumen ing ndhuwur nandhingake kadadeyan suap utawa korupsi utawa nyolong dhuwit dening Kemenhub sing ditandhingake karo thuyul. Thuyul saka kemenhub iki diwastani thuyul endhas ireng, amerga pikanthuk kasil saka sing dicolong. Tumindhak nyolong iku kaya dene thuyul, mula nandhingake kaloro bab iki kalebu analogi. Dudutan saka wacana argumentatif ing ndhuwur yaiku “korupsi ing lembaga negara kaya dene thuyul endhas ireng.”
b.     Nandhingake Kahanan
Analogi nandhingake samubarang sing awujud kahanan, sipat utawa adjektiva. Bab iki kanggo ndudut tandhingan saka kahanan sing lagi ditandhang ing dhiri pribadi lan ing sakiwa tengene masyarakat.
(3)
Rasa asih marang dhiri lan sasamaning dumadi nuwuhake rasa tentrem. Yen ati wis tentrem, urip kepriye wae kahanane bakal nemu tentrem. Tentrem kang tukul saka jero iki bakal sumorot lan sumirat menjaba, aweh pepadhang lan katentreman marang bebrayan sakiwa-tengene lan jagat saisine. Yen kabeh wong bisa mangkono apa bumi iki ora bakal dadi swarga? (JB, 2015:3) edisi Minggu 1 Januari 2015.
(1)  Rasa asih marang dhiri lan sasamaning dumadi nuwuhake rasa tentrem.
(2)  Yen ati wis tentrem, urip kepriye wae kahanane bakal nemu tentrem.
(3)  Tentrem kang tukul saka jero iki bakal sumorot lan sumirat menjaba.
(4)  Aweh pepadhang lan katentreman marang bebrayan sakiwa-tengene lan jagat saisine.
(5)  Kabeh wong bisa mangkono bumi iki bakal dadi swarga.
Dadi : “rasa asih ndadekake swarga bumi.”
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2015. Pada ing ndhuwur nandhingake rasa asih karo swarga. Swarga kuwi papan kang endah banjur dibandhingake karo rasa asih sing agawe tentrem. Tentrem mujudake pepadhang ing jagat, saengga kaya swarga sing dadi pepadhang ing akhirat. Yen disawang luwih jero ora kabeh wong nduweni rasa asih, saengga bumi iki durung bisa dadi swarga. Saengga kanthi cara analogi bisa diwastani yen katentreman saka “rasa asih ndadekake swarga bumi.”Analogi iki digayutake karo “rasa asih” lan “katentreman.” Rasa asih gandheng karo katentreman, katentreman gayut karo swarga ing bumi. Dadi rasa asih ndadekake swarga ing bumi. Bab iki dituduhake kanthi proposisi-prposisi panyusune.

(4)
‘ingkang dados jalaran amargi nerak malima. Arsa madat ngangge bangsanipun narkoba ingkang dados mengsahipun nagari. Jinis narkoba ingkang katelah aspat punika kaangge salebetipun paring piwulang ngengingi kadospundi nglampahi gesang ingkang sae wonten ing alam donya. Bebasan lulut manut kepulut..’ (JB, 2016:46) edisi Minggu II Oktober 2016
(1)  Ingkang dados jalaran amargi nerak malima.
(2)  Arsa madat ngangge bangsanipun narkoba ingkang dados mengsahipun nagari.
(3)  Jinis narkoba ingkang katelah aspat punika kaangge salebetipun paring piwulang ngengingi kadospundi nglampahi gesang ingkang sae wonten ing alam donya.
(4)  Bebasan lulut manut kepulut.
Dadi : “nerak malima iku kaya lulut manut kepulut.”
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2016. Argumen ing ndhuwur nandhingake kahanan “nerak malima” lumantar narkoba karo bebasan “lulut manut kepulut”. Tegese sapa sing manut kaya dene lulut bakal kena pulute utawa jebakane. Pulut ing kene tegese jebakan. Dene pawongan sing kasil nampik malima tegese nglampahi gesang ingkang sae (becik uripe). Dudutane saka pungkasane pada yaiku “nerak malima iku kaya lulut manut kepulut.”
(5)
Iki gara-gara neng ndhuwur-ndhuwur mung umeg wae, nganthi ora mikir rakyate! Ngene iki njur sing ngisor golek untung kanthi cara sing nggak genah. Ngracuni bangsane...! saiki ngendi-endi kinepung racun...” Ngono ngremenge Mboke Cablaka. (Jb, 2015:32) edisi Minggu III April 2015
(1)    Gara-gara neng ndhuwur-ndhuwur mung umeg wae, nganthi ora mikir rakyate.
(2)    Sing ngisor golek untung kanthi cara sing nggak genah.
(3)    Ngracuni bangsane.
(4)    Saiki ngendi-endi kinepung racun.
Dadi : pimpinan  iku “mimpin kanthi racun bangsa.”
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2015. Pada ing ndhuwur nandhingake pejabat karo racun. Tembung ‘ndhuwur-ndhuwur’ tegese pejabat. Ditegesake yen pejabat iku mung umeg wae nganti nyengsarakake rakyate. Rakyat mbenerake maneka warna cara kanggo urip. Banjur ing masyarakat malih ora nemu katentreman. Yen dimaknani luwih jero yen pejabat iku mikirake rakyat bangsa bakal pikanthuk katentreman. Saengga kanthi cara analogi bisa diwastani yen pejabat iku “mimpin kanthi gracuni bangsane.” Racun bangsa tegese prakara kanggo bangsa. Wiwitane saka “ndhuwur-ndhuwur” sing tegese pejabat negara digayutake karo “sing ngisor” sing tegese rakyat. Banjur “rakyat digayutake karo “kinepung racun” tegese kena akeh prakara. Dadi analogine pimpinan  iku mimpin kanthi racun bangsa.

c.      Nandhingake Proses
Proses ing kene tegese dudu mung kahanan utawa kadadeyan, proses biyasane migunakake tembung kriya proses kaya tembung “nyiram,” “nularake,” lsp kaya ing ngisor iki,
(6)
 “yen ndheleng kahanan kaya ngene iki rasane ati banjur adhem kaya disiram banyu genuk. Muga iki dadi pratandha kelestariane bathik lasem sing nduweni sejarah dawa. Bibit-bibit unggul iki muga dadi virus sing bakal nularake rasa tresnane uga kabisane marang lingkungane dhewe-dhewe,” pangarepe Sulistyo (JB, 2016: ) edisi Minggu 2016
(1)  Rasane ati banjur adhem kaya disiram banyu genuk.
(2)  Pratandha kelestariane bathik lasem sing nduweni sejarah dawa.
(3)  Bibit-bibit unggul iki muga dadi virus sing bakal nularake rasa tresnane uga kabisane marang lingkungane dhewe-dhewe.
Dadi : Virus sing nularake rasa tresna marang bathik ndadekake “ati adhem kaya disiram banyu genuk.”
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2016. Argumen ing dhuwur nandhingake proses “disiram banyu genuk” karo “virus sing nularake rsa tresna marang bathik.” Nyawang bibit-bibit unggul sing kaya dene virus bisa nularake rasa tresna marang bathik, dadi sing ditularake dudu penyakit, dene ati sing nyawang kahanan iku kaya siniram banyu genuk. Tegese bibit-bibit unggul kaya dene virus kang bakal nularake rasa tresna marang bathik lan ndadekake ati adhem kaya kesiram banyu genuk mujudake analogi. Dudutan saka argumen ing ndhuwur yaiku “virus sing nularake rasa tresna marang bathik ndadekake ati adhem kaya disiram banyu genuk.”
(7)
Cablaka, rumangsa begja bisa nemokake kanca-kanca kang dumadi wong-wong cilik sing padha jagongan buyeng neng warung arung ngene iki. Sing pranyata isih nduweni banyu-banyu bening kang bisa nyiram ati kemrungsung. Ketemu kanca ngene iki sing bisa ndadekake ati bisa lajer.... (JB, 2015:32) edisi minggu IV Maret 2015
(1)  Rumangsa begja bisa nemokake kanca-kanca kang dumadi wong-wong cilik sing padha jagongan buyeng neng warung arung ngene iki.
(2)  Nduweni banyu-banyu bening kang bisa nyiram ati kemrungsung.
(3)  Ketemu kanca ngene iki sing bisa ndadekake ati bisa lajer.
Dadi : kanca sing “cecaturan bisa nyiram ati kemrungsung.”
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2015. Sing ditandhingake yaiku ‘kanca’ karo ‘ati kemrungsung’ lumantar tembung kriya proses ‘nyiram.’ Diandharake yen cecaturan karo kanca bisa ndadekake ati ayem, lajer, adhem. Saengga kanthi cara analogi bisa diwastani yen kanca sing “cecaturan bisa nyiram ati kemrungsung.” Nanging yen disawang luwih jero negesake yen kanca-kanca saka wong-wong gedhe ora bisa ndadekake ati lajer. Banjur bab iki mujudake probabilitas utawa kira-kira saka sawijine analogi.
d.     Nandhingake Barang
Analogi indhuktif pancen paling akeh nandhingake samubarang sing konkret. Amerga luwih gampang didudut saka fenomena utawa fakta-fakta sing wis jelas wujude. Kaya ing ngisor iki,
(8)
“pemudha mono satriyaning bangsa. Lha sing jeneng satriya iku kudu tatag, teteg, tangguh, tanggon, tanggap, lan tutug. Aku mau ngomong bab sipat-sipate satriya, iku maksude aweh pemut dimen bocah-bocah ora dadi generasi sing gampang mutungan.” (JB, 2014:32) edisi Minggu 1 Nopember 2014
(1)  Pemudha satriyaning bangsa.
(2)  Satriya iku kudu tatag, teteg, tangguh, tanggon, tanggap, lan tutug.
(3)  Mau bab sipat-sipate satriya.
(4)  Dimen bocah-bocah ora dadi generasi sing gampang mutungan.
Dadi : generasi anom iku “pemudha satriyane bangsa.”
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2014. Pada ing ndhuwur nandhingake pemudha karo satriya. Tegese yen satriya iku nduweni sipat tatag, teteg, tangguh tanggon tanggap lan tutug semono uga pemudha uga kudu nduweni sipate satriya. Nanging yen disawang luwih jero, yen sipate pemudha saiki gampangmutungan, pemudha iku dudu satriyaning bangsa maneh amerga ora nduweni sipat-sipate satriya. Saengga kanthi cara analogi bisa diwastani yen generasi anom iku “pemudha satriyane bangsa.” Analogi iku ngandharake ngenani “generasi anom.” Ing wiwitan pada wis diandharake ngenani analogi iku banjur ditegesake lumantar proposisi-proposisi sing dituduhake.
(9)
 ‘Asil saka pamiliyan pemimpin iki minangka wujud kaca benggala kang nuduhake manawa pamilih Jakarta saya cerdas, rasional lan bebas saka kungkungan pola pikir kang cupet.’ (JB, 2016:3) edisi Minggu II Oktober 2016
(1)  Asil saka pamiliyan pemimpin iki minangka wujud kaca benggala kang nuduhake manawa pamilih Jakarta saya cerdas.
(2)  Rasional lan bebas saka kungkungan pola pikir kang cupet.
Dadi : Bebase pamikiran rakyat iku “kaca benggala saka asile pamiliyan.”
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2016. Argumen ing ndhuwur nandhingake tembung aran “asil pamiliyan” karo “kaca benggala”. Tegese kaca benggala kuwi kaya dene piranti kanggo meruhi kasil kepenginane rakyat. Rakyat dianggep wis bisa nemtokake kekarepane marang laladane dhewe, saengga sapa pawongan sing kapilih iku mujudake asil saka kekarepane rakyat dhewe. Kaca benggala dipadhakake karo kacerdasan, rasional, lan bebase pamikiran rakyat kanggo milih pamimpine saengga bab iki mujudake sawijine analogi. Dudutan saka argumen ing ndhuwur yaiku bebase pamikiran rakyat iku kaca benggala saka asile pamiliyan.

(10)
“curiga (keris) iku ngemu teges sukma manungsa, ‘manjing’ iku tegese lumebu ana njero, dene ‘warangka’ iku ateges wadhah utawa raga. Iki mono ngibarate sukma kang manunggal ing ragane. Gamblange iku kaya dene wong urip bebojoan lanang lan wadon....! Curiga iku nggambarake priya, lan warangkaiku nggambarake wanita.lha mathuke sing jeneng warangka mau kudu bisa dadi gegambarane kulit njaba sing uga ngumbulake drajat...” ngono jlentrehane Pakdhe. (JB, 2014:32) edisi Minggu I Mei 2014
(1)   Curiga (keris) iku ngemu teges sukma manungsa, ‘manjing’ iku tegese lumebu ana njero, dene ‘warangka’ iku ateges wadhah utawa raga.
(2)  Gamblange iku kaya dene wong urip bebojoan lanang lan wadon.
(3)  Curiga iku nggambarake priya, lan warangkaiku nggambarake wanita.
Dadi : Bebojoan iku “urip arupa keris lan warangkane”.
Wacana argumentatif ing ndhuwur saka rubrik majalah Jaya Baya taun 2014. Pada ing ndhuwur nandhingake urip bebojoan karo keris lan warangkane. Maknane lanang iku kaya curiga lan wadon iku kaya warangka sing ngumbulake drajat garwane. Nanging yen disawang luwih jero maneh, maknane yen keris iku kelangan warangkane, mangka keris iku kaya ora nduweni raga. Semono uga karo urip bebojoan. Ing kene diandharake analogine kanthi sawijine proposisi individual yaiku “urip arupa keris lan warangkane” sing diandharake lumantar tembung “bebojoan.” Saengga kanthi cara analogi bisa diwastani yen bebojoan iku “urip arupa keris lan warangkane”.

C.     Dudutan
Saka andharan ing ndhuwur bisa didudut yen analogi digunakake kanggo nemtokake kaputusan, kanggo dhasare pamikiran, sarta nandhingake fenomena-fenomena sing ana ing alam. Analogi mujudake sawijine jinis penalaran indhuktif. Analogi induktif nandhingake loro utawa luwih fenomena sing padha kanthi ndudut saka perangan sing partikular menyang universal. Analogi lumrahe dumadi ing sawijine argumen sajrone cecaturan. Analogi digunakake supaya bisa ngarahake menyang ngendi tujune cecaturan lumantar tandhingan-tandhingan ing fakta-fakta sing diandharake. Analogi jrone argumen kawastanan argumen analogikal, argumen analogikal nduweni fenomena kanggo ditandhingake lan pungkasane bisa didudut adhedhasar fenomena-fenomena iku.

Kapustakan
Adiman. “Analisa Penalaran Induktif.” 15 oktober 2016. http://adimanpangaribuan. blogspot.co.id/2012/12/analisa-penalaran induktif. html
Ahmadi, Abu, dkk. 1991. Psikologi Belajar. Rineka Cipta. Jakarta
Bhajo, Klemens. “kesimpulan analogi dan probabilitas.” 19 Oktober 2016. http://letmegodear. blogspot. co.id/2013/04/kesimpulan-analogi-dan-probabilitas.html
Chaer, Abdul. 2009. Pengantar Semantik Bahasa Indonesia. Rineka Cipta. Jakarta.
Djajasudarma, Fatimah. 2007. Semantik 1; Makna Leksikal dan Gramatikal. Refika Aditama. Bandung.
Leech, Geoffrey. 2003. Semantik. Pustaka Pelajar. Yogyakarta.
Ling, Jonathan, dkk. 2012. Psikologi Kognitif. Erlangga. Jakarta
Ningrum, Rita Kusuma. “Penalaran.” 2 november 2016. http://rikakusumaningrum. blogspot.co.id/2011/11/penalaran.html
Parera, J.D. 2004: Teori Semantik edisi kedua. Erlangga. Jakarta.
Ranjabar, Jacobus. 2015. Dasar-dasar Logika. Alfabeta. Bandung.
Reed, Stephen K. 2010. Cognition; Theories and Applications, Eight Edition. Wadsworth. America
Soekadijo, R.G. 1988. Logika Dasar Tradisional, Simbolik, dan Deduktif. Gramedia. Jakarta.
Suharnan. 2005. Psikologi Kognitif ; Edisi Revisi. Srikandi. Surabaya.


Senin, 25 April 2016

pendekatan stilistika tumrap cerkak “UMROH BARENG ARTIS” majalah Jaya Baya taun 2014

PENDEKATAN STILISTIKA TUMRAP CERKAK “UMROH BARENG ARTIS” MAJALAH JAYA BAYA TAUN 2014




DENING :
DEVI NUR RATNA EKO PUTRO
13020114045 – 2013 B






PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI SURABAYA
2015

Kata Pengantar
Puji syukur saking Allah SWT. Saking ridhanipun makalah ngengingi Pendekatan Stilistika tumrap Cerkak umroh bareng artis majalah jaya baya taun 2014  menika saged dipun mantunaken. Makalah menika dipun susun guna memenuhi tugas mata kuliyah stilistika.
Sarehning taksih kathah ingkang mbetahaken, makalah punika dipunsusun. Wondene kalepatan ingkang wonten, utamanipun kalepatan ingkang magepokan kaliyan panyeratan, ugi sampun kula leresaken sasampunipun kathinthingi sawetawis. Sinaosa mekaten, bok bilih taksih wonten panyaruwe lan pamrayogi murih makalah punika langkung sampurna.
Atur panuwun dhateng para kadang ingkang tansah panyengkuyung murih makalah punika sae lan langkung angrembaka sarta saged kababar malih.

Panyusun,

BAB I
PURWAKA
A.    Lelandhesan Masalah
Saben sabubarang iku diciptakake guna sawijine bab tartamtu lan kanggo tujuwan tartamtu sing nduweni paedah. Reriptan sastra ora diciptakake mung kanggo hiburan wae, nanging ngandut maksud lan tujuwan tartamtu. Mula saka kuwi, sastra asring dianggep endah tur nduweni paedah. Salah sawijine reriptan sastra yaiku cerkak. Paedah saka cerkak salah sijine yaiku nduweni nilai kognitif (kaweruh). Dadi, jrone cerkak dicritakake mimesis saka kauripane manungsa sing ana ing kanyatan. Kauripan sing bisa ngandharake kahanan batine tokoh saengga bisa pikantuk nilei saka crita sing ada minangka pasinaon saka kauripan nyata para pamaos. Ing jaman saiki akeh banget cerkak sing nduweni nilei estetika lan nduweni paedah kognitif.
Cerkak saliane bisa dibukukake jrone kumpulan cerkak, uga bisa dimot utawa diterbitake ing sekabehe media massa (Hura, 2014). Mula saka kuwi, cerkak biasane ana jrone kumpulan cerkak, media massa, lan blog ing media online. Salah siji media massa sing konsisten ngemot cerkak saben minggu yaiku Majalah Jaya Baya. Majalah Jaya Baya mujudake media massa cetak nomer loro paling tuwa lan paling suwe sawise Majalah Panjebar Semangat ing Surabaya sing nganggo basa Jawa, lan konsisten ora ana owah – owahan ciri khas Jawane wiwit sepisanan terbit. Mula saka kuwi, penulis milih sawijine cerkak sing diterbitake ing Majalah Jaya Baya sing nduweni judhul “Umroh Bareng Artis” dening Hamid Nuri, Minggu 1 Januari 2014.
Pangripta nduweni lelandhesan ilmu kasusastran. Kawastanan saka akehe cerkak – cerkak sing asring dimot ing Majalah Jaya Baya. Cerkak sing nduweni judhul “Umroh Bareng Artis” iki nyritakake cabare umroh bareng artis sing kondhang sawise dianakake hajatan gedhen – gedhen ing omahe paraga Bu Laila sing sugih banget. Rencanane kanggo ‘nampang’ bareng artis kaloka ana ing facebook uga cabar. Pepenginane kanggo narsis cabar sisan. Padahal Bu Laila wis ngumumake kanthi gedhen – gedhenan, nganthi anane juru warta amerga sing diundhang ngisi hajatan kuwi uga pawongan kang asring metu ing tipi.
Fenomena  kaya sing kaandhar ing ndhuwur iku mesthi wae ana ig kauripan nyata. Fakta yen kepingine pamer iku bisa agawe kuciwa dhewe sawise, kekarepan kang niyate ala bakal nuwuhake bab kang ala.
Jrone nyritakake, pangripta migunakake basa sing nduweni nilei sastra sarta lelewa basa guna nggambarake kahanan lan pangrasan. Lelewa basa gegayutan karo stilistika, amrega stilistika ngrembug lelewa basa. Mula saka kuwi, cerkak iki bisa dianalisis kanthi pendekatan stilistika. Adedhasar media sing ngemot cerkak iki lan unsur kognitif crita, mula panulis milih cerkak “Umroh Bareng Artis” anggitane Hamid Nuri guna dianalisis kanthi pendekatan stilistika.
B.     Fokus Masalah
Miturut lelandhesane, mula masalah jrone makalah bakal difokusake jrone telung bab, yaiku,
1.      Unsur gramatikal (struktur kalimat)
2.      Unsur percakapan (gaya bercerita)
3.      Unsur leksikal (diksi)
C.    Rumusan Masalah
Miturut fokus masalah ing ndhuwur, mula rumusan masalah jrone makalah iki, yaiku,
1. kepriye unsur gramatikal (struktur kalimat) jrone cerkak Umroh Bareng Artis anggitane Hamid Nuri?
2. kepriye unsur cecaturan (gaya bercerita) jrone cerkak Umroh Bareng Artis anggitane Hamid Nuri?
3. kepriye unsur leksikal (diksi) jrone cerkak Umroh Bareng Artis anggitane Hamid Nuri?
D.    Tujuwan Panulisan
Adedhasar rumusan masalah sing wis diandharake, mula tujuwa panulisan makalah iki yaiku,
1. Ngandharake unsur gramatikal (struktur kalimat) jrone cerkak Umroh Bareng Artis anggitane Hamid Nuri?
2. Ngandharake unsur cecaturan (gaya bercerita) jrone cerkak Umroh Bareng Artis anggitane Hamid Nuri?
3. Ngandharake unsur leksikal (diksi) jrone cerkak Umroh Bareng Artis anggitane Hamid Nuri?

BAB II
ANDHARAN
A.      Tintingan Kapustakan
Tintingan kapustakan jrone makalah iki, yaiku : (1) cerkak, (2) stilistika, (3) unsur – unsur stilistika jrone cerkak.
1.      Cerkak
Pangertene cerkak miturut Kurniawan (2012:59) yaiku sesambungane prastawa sing gegayutan dadi siji lan ngandut konflik antar paraga utawa ana ing pribadi paraga iku dhewe jrone latar lan alur. Cerkak mujudake sawijine crita. Crita nduweni dhapuk sentral saka wiwitan nganthi pungkasane reriptan iku. Crita gegayutan kanthi unsur pembangun jrone reriptan sastra kuwi. Keslarasan crita bakal disengkuyung dening larase unsur pembngune. Mula saka kuwi, crita mujudake bab sing fundamental jrone sawijine reriptan fiksi. Tanpa unsur crita, eksistensi sawijine crita ora bakal kegayuh, amerga crita iku mujuadke punjere reriptan fiksi minangka crita gawenan.
Miturut Nuroh (2012:24) cerkak mujudake ungkapan pangrasan panganggit bab anggepane tumrap kauripan, lan kanthi daya imaginasine ditulis kanthi basa sing endah, imajinasi sing ana jrone crita lan tema sing kuwat saengga bisa ndadekake pamaos menehi kawigaten (kesan tartamtu).
2.      Stilistika
Ratna (2009:3) ngandharake yen stilistika (stylistic) yaiku elmu bab lelewa. Selaras karo iku, stilistika jrone Ensiklopedi Sastra Indonesia (2009:901) yaiku elmu sing neliti basa sing digunakake jrone reriptan sastra. Mula saka kuwi, stilistika mujudake disiplin elmu sing ngandharake lelewa basa jrone reriptan sastra.
Miturut Satoto (2012:36) stilistika minangka bidang linguistik terapan, jrone pangerten 'extended'  yaiku cara kanggo ngandharake teori lan metologi rerembugan formal sawijine teks sastra. Rerembugan puisi bisa dilakokake kanthi pendekatan stilistika. Mula saka kuwi stilistika yaiku elmu pemanfaatan basa jrone reriptan sastra. Digunakake lelewa basa kanthi cara khusus jrone reriptan sastra bisa ana nalika panganggit nuduhake idene. Lelewa basa iki minangka efek seni lan dipengaruhi dening hati nurani. Liwat lelewa basa iku pangripta nuduhake idene. Lelewa digayutake karo digunakake basa jrone reriptan sastra iki yaiku hakekat stilistika (Nuroh, 2012:24).

3.      Unsur-unsur Stilistika jrone Cerkak
Stilistika crita cekak yaiku telaahan cara digunakake basa dening pangripta guna nuwuhake efek jrone cerkak. Mula saka kuwi, fokus stilistika cerkak ing antarane, cara digunakake basa ing cerkak, titikane basa cerkak, komponen stilistika cerkak, lan gegayutan basa karo cerkak. Komponen stilistika cerkak angliputi: unsur leksikal, unsur gramatikal, unsur retorika, unsur kohesi, lan unsur cecaturan. Analisis bisa diarahake marang piliyan tembung (diksi) unsur leksikal, struktur ukara lan sintaksise (unsur gramatikal), sarta padete lan tipe-tipe basa critane.
Unsur-unsur stilistika cerkak sing bakal dirembug jrone analisis stilistika cerkak jrone makalah iki, yaiku :
a.      Unsur Leksikal
Unsur leksikal mujudake pamiliyan tebung utawa diksi. digunakake tembung tartamtu sing sengaja dipilih jrone crita cekak dening pangripta. Wujud tembung gegayutan kanthi jenis tembung sing digunakake. Makna sing dipilih yaiku tembung sing konotatif sing bisa ngungkapake gagasan, sing mbangkitake asosiasi. Akibate digunakake piliyan tembung iki, bisa dadi penyimpangan, nanging bisa njelasake makna.
b.      Unsur Gramatikal
Unsur gramatikal ngrembug struktur ukara. Adedhasar struktur ukara ini bisa diduduhake pesen utawa makna sing asring disebut struktur bain. Struktur ukara bisa awujud wewalikan, pangringkesan, pangulangan, sarta pengilangan unsur tartamtu. bab iku dilakokake guna negesake unsur estetis utawa pesen sing dimot.
c.       Unsur Cecaturan/Gaya Crita
Unsur cecaturan ngrembug gayacrita sing dilakokake dening panganggit jrone cerkak. Saka ngendi sudut pandang pangripta crita. Gaya crita sing digunakake nduweni kaunggulan dhewe - dhewe. Tegese, pangripta sengaja migunakake gaya crita tartemtu kanggo nguwatake critane sing disampekake.
B.       Metode Pendekatan
Metode pendekatan jrone analisis stilistika cerkak, yaiku:
1.      Maca cerkak kanthi cermat.
2.      Negeri unsur gramatikal kanthi cara nggoleki struktur ukara sing pendek, ukara yang strukture ora jelas, lan ukara sing kaya ukara.
3.      Nengeri unsur cecaturan kanthi cara nelaah gaya crita sing digunakake dening pangripta.
4.      Nengeri unsur leksikal kanthi nggoleki ukara-ukara sing nggunakake lelewa basa utawa majas jrone crita.
5.      Mengklasifikasi data sing wis dikumpulake.

C.      Analisis Stilistika Cerkak
Crita cekak sing bakal dianalisis nduweni judhul Umroh Bareng Artis sing ditulis dening Hamid Nuri. reriptan iki diterbitake ing Majalah Jaya Baya Minggi 1 Januari 2014. Hamid Nuri iku sawijine pengarang sing kondang ing kasusastran Jawa, kawastanan saka akehe reriptane ing majalah – majalah Jawa. Analisis stilistika cerkak Umroh Bareng Artis yaiku,
1.       Unsur Gramatikal (Struktur Kalimat)
Cerkak "Umroh Bareng Artis" anggitane Hamid Nuri akeh minggunakake ukara dawa. Ukara – ukara kasebut kayata,
‘menawa maune omongane para ibu – ibu ing pengajian kang anggotane akeh – akehe para ibu elite kalangan menengah munggah iku biasane bab rancangan busana muslim kreasine para prancang top, utwa kang ana gegayutane karo prodhuk – prodhuk tas lan sepatu anyar saka Paris’,
‘katone biro – biro perjalanan haji lan umroh iku saya dina uga wis tansaya kreatif wae anggone padha gawe paket umroh, supaya bisa sansaya luwih narik kawigaten,’
‘malah ana guyonan, dadi wong sing mblegedhu temenan iku menawa wis bisa sarapan pagi ana ing sawijining restoran ing Singapura.’
Ana ukara sing struktur ukarane manut kaedah sing pener, lan ana kalimat sing bisa ndadekake ganda maknane, kaya kutipan,
‘Topik omongane para ibu – ibu pengajian majelis taklim iku saiki wis owah’
‘Ibarate menawa liburan akhir taun bisa ana Paris kang romantis, utawa New York, Amerika kang kebak gebyar. Utawa Tokyo, Jepang kang klasik.’
2.      Unsur cecaturan (Gaya Crita)
Cerkak "Umroh Bareng Artis" anggitane hamid Nuri migunakake pencerita dia-an. Keuntungan gaya crita iku supaya kerasa sawijine gegambaran utuh (deskriptif jangkep) antarane pangripta, crita, lan pamaos. Pangripta gaya dia-an bisa menehi crita sing luwih bebas sipate lan bisa ngamati paraga – paraga lan kegiyatan sarta lumakune saka pirang – pirang panggonan (sudut). Ora mung ngandharake apa sing disawang, dirungu, lan digatekake wae, nanging pangrasan paraga bisa dirasakake dening pawongan sakiwa – tengene kanthi jelas.
Sapira jerone pangrasan kuciwa paraga Bu Laila lan sapira senenge bisa digambarake kanthi jelas. Pangripta jrone cerkak iki migunakake "dia" minangka pengamat. Punjere paraga jrone cerkak Umroh Bareng Artis iki yaiku Ibu Laila. Dene Pak Haji mung paraga pelengkap wae. Cerkak iki nyritakake kepenginane paraga Bu Lila umroh bareng Artis. Pangripta nyritakake obsesine Bu Laila wong kang sugih, kanthi agawe pawarta sing gedhen – gedhen, yaiku nganakake hajatan kanthi pangisi adicarane yaiku wong – wong kang asring ana ing televisi. Nanging sawise adicara hajatan gedhe digelar, dumadakan Bu Laila mlebu rumah sakit amerga batal ngadani umroh amerga artise batal melu. Masalahe jare ana kesalahan teknis. Adicara hiburan ing hajatane isih ana, nanging Bu Laila sing nandang penyakit Jantung mlebu Rumah Sakit. Bu Laila banget kuciwane kanthi sesenggrukan ing RS. Dheweke gela nemen amerga impene bisa umroh bareng artis dadi wurung. Pepenginane bisa ‘nampang’ bareng artis kaloka ana ing sosial media cabar, dheweke ora bisa pamer marang ibu – ibu majelis taklim liyane kaya paraga Ibu Sawitri sing wis umroh bareng artis.
Ora mung kanthi pamiliyan struktur ukara sing apik kanthi gaya cecaturane, nanging uga digunakake tanda wacan, yaiku tanda petik ganda (") lan petik tunggal (') sajrone nuduhake tuturan tokoh lan andharane pangripta. Kanthi anane cecaturan watara Lik Tukiyo lan Pak Dhe sastra minangka palengkape paraga sing ngandharake lumakune paraga Bu Laila, crita kerasa cedhak karo pamaos. Ing kene paraga Bu Laila ora digawe cecaturan karo paraga liyane dheweke mung nguda rasa wae, kaya ing pethikan,
“itung – itung kanggo hadhiyah kanggo putriku Ruri kang nembe wae ketampa ing Perguruan tinggi favorit,” mangkono pikirane Bu Laila.
Kaya – kaya pangripta ndadekake pamaos mangerteni kanthi ora langsung lan meruhi dhewe kahanan apa sing ana kanthi detail.
3.      Unsur Leksikal (Diksi)
"Umroh Bareng Artis" anggitane Hamid Nuri mujudake cerkak sing nyritakake kauripan wong elite kalangan menengah munggah sing dibungkus ana kumpulan pengajian majelis taklim. Swasana pamer ndonya lan deduwenan kaya apa sing diandharake pangripta kanthi cecaturane ing Majelis Taklim kerasa banget. Pangripta sengaja ngandharake latar crita yaiku ing Pengajian majelis taklim. Cerpen iki migunakake lelewa basa kiasan guna nguwatake sarta ngendahake basa critane. Lelewa basa kasebut, yaiku :
a.      Metafora kaya ing kutipan iki : ‘ora mung suguhane kang mbanyu mili’ sing maknane suguhane ora ana enteke.
b.      Hiperbola seperti kutipan berikut ini: ‘sarapan pagi ana ing sawijining restoran ing Singapura. Terus dhahar awane ana ing Tokyo lan dahare dalu ana ing Washington, Amerika Serikat.’ Sing maknane bisa dolan nandi wae amerga ana bandhane.
‘dhuwit iku mung kari ngrauk wae.’ sing maknane kaya – kaya ora usah kerja yen pingin dhuwit.
c.       Simile seperti kutipan berikut ini: ‘ibarate menawa liburan akhir taun bisa ana Paris kang romantis, utawa New york, Amerika kang kebak gebyar.’ Sing maknane bisa seneng – seneng nandi wae.
d.      Satire seperti kutipan berikut ini: ‘mubaliq kang ngisi pengajian uga dai kondhang. Hiburane kelompok nasyid lan grup khasidah kang populer. Pokoke kabeh ora ana sing nguciwani.’
D.      Interpretasi
Sawise ngrembug kanthi cara stilistika tumrap cerkak Umroh bareng Artis anggitane hamid Nuri, bisa pikantuk interpretasi kaya ing ngisor iki,
1.      Unsur Gramatikal (Struktur Ukara)
Cerkak hamid Nuri sing nduweni judhul Umroh Bareng Artis ngemot ukara – ukara sing dawa. Saengga ngandut tembung – tembung panggandheng sing bisa ndadekake ukarane dawa. Ing wiwitane ukara uga asring digunakake tembung panggandheng, iki mujudake ukara – ukarane tetep endah senajan wis nyimpang saka kaidah panulisan sing bener, kaya ingngisor iki,
‘nanging saiki topik iki sing dadi beda.’
‘utawa Tokyo, Jepang kang klasik.’ Lan sapanunggalane.
Nanging amerga tujuwan panulisane ukara yaiku guna nyiptakake nilei estetika jrone cerkak mangka bab kasebut oleh – oleh wae.
2.      Unsur Cecaturan (Gaya Crita)
Cerkak Hamid Nuri sing judhule umroh Bareng Artis iki migunakake gaya crita tipe ‘dia-an’. Jrone unsur intrinsik cerkak, tipe dia-an sinebut sudut pandang orang ketiga. Sing digawe ing kene yaiku sudut pandang orang ketiga sebagai pengamat. Pangripta minangka pengamat saka sekabehe kedadeyan sing disuguhake crita. Punjere paraga jrone crita yaiku paraga Bu Laila, amerga sing dicritakake babagan niyat kang ala, mangka cerkak iku kaya – kaya cedhak karo kauripan saben dina. Crita kuwi bisa nggawa pamaos marang kauripan sing asipat pamer, iri, pingin dianggep luwih lan sapanunggalane. Pungkasane crita iki yaiku sawise wara – wara kanthi hajatan sing gedhen – gedhen banjur ora sida kegayuh niyatane iku (ora sida umroh bareng artis).
3.      Unsur Leksikal (Diksi)
Pamiliyan tembung sing trep bakal ndadekake reriptan dadi endah. Jrone cerkake Hamid Nuri migunakake lelewa basa sing becik guna nuwuhake kesan estetis jrone reriptane. Paribasan sing digunakake ora adoh saka kauripane wong elite kalangan menengah munggah. Kejaba kuwi wujud sindiran marang pawongan sing kaya ana crita, penggaweyane pamer lan sapanunggalane uga diduduhake. Senajan ta pangripta mung ngandharake kanthi implisit.


BAB III
PANUTUP
A. Simpulan
Unsur-unsur stilistika cerkak ana saperangan aspek, yaitu unsur leksikal, unsur gramatikal, unsur retorika, unsur kohesi, lan unsur cecaturan. kanggo ngrembug cerkak umroh bareng artis anggitane Hamid Nuri digunakake telung unsur stilistika, yaiku unsur
gramatikal (struktur ukara), unsur cecaturan (gaya crita), lan unsur leksikal (diksi).
Kasile analisis stilistika cerkak yaiku, sepisan, saka segi unsur gramatikal diweruhi ukara – ukara sing dawa lan akeh ngandut tembung panggandheng. kaping pindho, yaiku saka segi unsur cecaturan cerkak migunakake gaya cita ‘dia-an’, yaiku minangka pengamat. Lan kaping telu, saka segi unsur leksikal diweruhi saperangan lelewa basa, yaiku metafora, simile, hiperbola, satire, dan anastrof

KAPUSTAKAN
Hasanuddin WS .2009. Ensiklopedi Sastra Indonesia. Bandung: Angkasa
http://gmasukakal.blogspot.com/2011/03/stilistika-cerpen.html Diunduh 28 Desember 2015
Nuroh, Ermawati Zulikhatin. 2011. ”Analisis Stilistika dalam Cerpen”. Pedagogia, Desember Vol. 1 No. 1 hlm 24.
Ratna, Nyoman Kutha. 2009. Stilistika: Kajian Puitika, Sastra, dan Budaya. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
Satoto, Soediro. 2012. Stilistika. Surakarta: STSI Press.